Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi.
Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita pinaringan nikmat, arupi saget makempal sareng-sareng kulawarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat wal afiat lan ati kang bungah.
Sebab dinten menika kita sami ngraya’ake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kathah berkah saha rasa bungah. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.
Wonten ing pambuka khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan ninda’ake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane.
Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah ta’ala:
وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal.” (Surat Al-Baqarah ayat 197).
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..