Khutbah Idul Fitri Terbaru PDF 10 Menit: Tanda Orang Mukmin Pasca Ramadhan (Bahasa Jawa)

ilustrasi iman kepada allah
ilustrasi iman kepada allah

   اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ  

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Nembe mawon, kita sampun rampung nglampahi ibadah pasa ing wulan Ramadhan. Ibadah pasa punika, gadahi tujuan supados kita dados tiyang ingkang saget ngeker hawa nafsu saha mbersihake lahir lan batin. Ugi supados kita dados tiyang kang paripurna, inggih punika tiyang kang iman lan takwa marang Allah Swt.

Iman lan takwa punika kedah dipun buktiaken, kanthi nglampahi amal ibadah kang istiqamah lan ikhlas. Menika, kados ingkang sampun asring kita aturke saben dinten nalika maos doa iftitah ing shalat:

   إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحْيَاىَ وَمَمَاتِى لِلّٰهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِينَ  

Artosipun, “Saktemene shalat ingsun, ibadah ingsun, urip ingsun, lan mati ingsun iku namung kagem Gusti Allah, kang Mengerani sedaya alam kabeh.”  

Kanthi ibadah pasa, ugi saget dadosaken kita tiyang kang paripurna ing dalem ngugemi agama, tegese gadahi perubahan sifate, saking sifat kang awon dados becik.

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Perubahan sifat kang awon dados becik punika pratandhane tiyang kang mukmin, kados dene salah setunggale kisah ing zaman Kanjeng Nabi Muhammad saw. Wonten sakwijining dina, wonten tiyang ingkang dereng mlebet agami Islam, sowan dhateng Kanjeng Nabi.

Kanjeng Nabi lajeng maringi suguhan arupi susu, ingkang dipun unjuk kalian tamune wau. Nalika, susune ing gelas sampun telas, Kanjeng Nabi maringi malih susu, lan dipun telaske ngantos dumugi pitu (7) gelas lan akhire tamu punika pamit kondur.  

Lajeng, wonten ing wekdal sanese, tamu menika sowan malih dhateng Kanjeng Nabi. Ananging wonten ing wekdal sakmenika, piyambake sampun mlebet agami Islam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait