Khutbah Idul Fitri Terbaru PDF 10 Menit: Tanda Orang Mukmin Pasca Ramadhan (Bahasa Jawa)

ilustrasi iman kepada allah
ilustrasi iman kepada allah

Dipun suguh malih sakgelas susu. Lajeng dipun unjuk kalian tamu. Badhe dipun suguhi malih. Tamu ingkang sampun dados sahabat punika malah mboten kersa ngunjuk malih. Piyambake matur, punika sak gelas susu sampun cekap. Lajeng Kanjeng Nabi paring pangandikan:

   الْمُؤْمِنُ يَشْرَبُ فِي مِعًى وَاحِدٍ وَالْكَافِرُ يَشْرَبُ فِي سَبْعَةِ أَمْعَاءٍ  

Bacaan Lainnya

Artosipun, “Wong mukmin, iku (ngrasa cukup) ngombe ing dalem siji (gelas) banyu, lan anapun wong kafir iku (bakal krasa nembe puas) ngombe ing pitu (gelas) pira-pira banyu.” (Riwayat Imam Muslim). 

Kisah punika maringi kita pelajaran, mestine bakal kathah perubahan, nalika tiyang kang taksih duweni sifat jahiliyah lajeng dados tiyang kang mukmin. Sifat tamak berubah dados sifat qanaah.  

Pramila, mestine ugi tumerap tiyang kang sampun rampung nglampahi ibadah pasa, bakal wonten perubahan sifat kang langkung sahe, tinimbang sakderenge pasa.

Sebab kanthi ngeker saking perkara kang mbatalake pasa, paling mboten kita saget jaga saking tiga perkawis kang saget dados sumbere mala. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan:

   إِنَّ مِمَّا أَخْشَى عَلَيْكُمْ شَهَوَاتِ الْغَيِّ فِي بُطُونِكُمْ وَفُرُوجِكُمْ وَمُضِلَّاتِ الْهَوَى  

Artosipun, “Saktemene ingsun (Kanjeng Nabi) iku khawatir ingatase sliramu kabeh, saking pira-pira syahwat ing dalem weteng lan farjine sira kabeh, lan hawa nafsu kang bakal nyasarke.” (HR Ahmad).

Sampun ngantos kita dados budak hawa nafsu ing akhire gadah sifat konsumerisme, tamak, lan sapadhane. Utawi mboten saget jaga farji, ing akhire kathah sanget fenomena perselingkuhan, zina, seks bebas, lan liya-liyane. Na’udzubillahi min dzalik.

Tiyang ingkang uripe namung nuruti hawa nafsu bakal angsal siksa saking Gusti. Dhawuhipun Allah swt:

   وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَذْهَبْتُمْ طَيِّبٰتِكُمْ فِيْ حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَاۚ فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُوْنَࣖ  

Artosipun, “Ana ing dina wong-wong kafir den suguhake (weruhake) neraka. Dheweke mahu padha den ngendikani: sira kabeh wis padha anelasake kesenengan ira kabeh ana ing dunya, sarana anggon ira kabeh katungkul seneng-seneng sakjerone urip ana ing alam dunya. Mula ana ing dina iki, sira kabeh diwales rupa siksa kang ina, sebab anggon ira kabeh padha gumedhe ana ing bumine Allah, tanpa alesan sing bener. Lan uga sebab anggon sira kabeh padha fasik,” (Surat Al-Ahqaf ayat 20).

   اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ  

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

Tiyang ingkang saget mengendalikan hawa nafsu, piyambake bakal dados tiyang kang bersih, begja lan slamet utawi ingkang dipun wastani fitrah. Kanthi fitrah menika, kita bakal angsal kabegjan lan kesuksesan lahir batin.

Lan kangge mensyukuri nikmat punika, mangga kita ngathah-ngathahaken maos takbir lan dzikir, ngagungake asmane Allah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait