Kali ini tim redaksi khutbahjumat.com menyajikan khutbah jumat bahasa jawa dengan judul JANGAN GELISAH, RIZKI SUDAH ADA YANG MENGATUR.
Judul khutbah jumat bahasa jawa ini mengajak jamaah untuk selalu tenang dalam setiap keadaan termasuk sulit mencari pekerjaan.
Sebab, sesungguhnya allah SWT telah mengatur rizki manusia di bumi ini sesuai dengan takaran masing-masing.
Khotib bisa download file PDF materi khutbah jumat bahasa jawa ini pada menu di akhir teks. Semoga bermanfaat.
(Penulis: Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali)
KHUTBAH JUMAT I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَاۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya.
Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane.
Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (Surat Al-Baqarah ayat 197).
Sidang Jumat rahimakumullah
Rikala gesang wonten ing dunya, manungsa bakal nampa rezeki saking Gusti Allah Swt. Malahan, mboten namung manungsa, ananging sedaya makhluk bakal dipun tanggung rezekine kalian Gusti Allah. Dhawuhipun Allah ta’ala ing Al-Qur’an:
وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَاۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ
Artosipun, “Lan ora ana gumremet ana ing bumi iki, kajaba Allah ta’ala kang nanggung rezekine. Lan Allah ta’ala dhewe kang pirsa panggonane tetepe ana ing dunya lan panggonan disimpene sakwuse mati. Kabeh mau wis katulis ana ing lauh mahfudh kang pertela.” (Surat Hud ayat 6).
KH Bisri Mustofa wonten ing kitab Tafsir Al-Ibriz, juz 12, kaca 622, sampun maringi keterangan, ayat punika negesaken, bilih Gusti Allah ta’ala iku tansah mirsani marang sekabehane makhluke ana ing endi bae panggonane. Ana ing gegere bapakne. Ana ing guwa garbaning ibu. Ana ing alam dunya lan ana ing kuburane.
Wondéné maceme rezeki niku kathah, mboten namung arupi arta lan panganan. Utawi ingkang sifatipun material utawi lahiriah. Ananging ugi wonten rezeki ingkang sifatipun batiniah. Kados dene ingkang sampun dipun terangaken Syekh Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Qatrul Ghaits halaman 6:
اَلرِّزْقُ لَا يُخْتَصُّ بِالْمَأْكُوْلِ وَالْمَشْرُوْبِ بَلْ كُلُّ مَا إِنْتَفَعَ بِهِ الْحَيَوَانُ مِنْ مَأْكُوْلٍ وَمَشْرُوْبٍ وَمَلْبُوْسٍ وَغَيْرِهَا وَمِنْ أَعْظَمِ الرِّزْقِ التَّوْفَيْقُ لِلطَّاعَاتِ
Artosipun, “Rezeki iku ora dikhususake namung kelawan panganan lan ombènan, ananging saben-saben barang kang manfaat kanggo pira-pira makhluk kang dhuwe nyawa, kaya dene panganan, ombènan, sandhangan, lan liya-liyane. Utawi rezeki kang paling agung yaiku at-taufiq (pitulungan saking Allah) marang ketaatan.”
Sidang Jumat rahimakumullah Pramila, ing babagan rezeki punika, kita sampun ngantos sumelang, sebab sedaya sampun diatur kalian Gusti Allah. Ingkang kedah kita wigatosaken inggih punika carane kita angsal rezeki lan ing dalem gunaake rezeki ingkang sampun kita tampi saking Allah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
فَاتَّقُوْا اللّٰهَ وَأَجْمِلُوْا فِي الطَّلَبِ
Artosipun, “Padha takwaha sira marang Allah lan padha mbagusi ing dalem (carane) ngluru (rezeki).” (Hadist Riwayat Al-Hakim lan Al-Baihaqi).
Ing dalem kita pados rezeki punika kedah dipun lampahi kanthi cara kang halal tur bener. Sampun ngantos, kita nglarani wong liya napa malih mendhet hak-hak e wong liya. Kajaba upaya lahir arupi nyambut damel lan liya-liyane, uga kita kedah tansah eling bilih sedaya rezeki punika saking Gusti Allah swt.
Pramila, sampun ngantos kita lali nyuwun kalian Gusti Allah ingkang Maha Sugih. Sebab kita sedaya ing ngarsane Gusti Allah, namung makhluk ingkang mboten gadah daya apa-apa. Dipun terangaken ing salah setunggale hadits qudsi:
يَا عِبَادِى كُلُّكُمْ جَائِعٌ إِلاَّ مَنْ أَطْعَمْتُهُ فَاسْتَطْعِمُونِى أُطْعِمْكُمْ يَا عِبَادِى كُلُّكُمْ عَارٍ إِلاَّ مَنْ كَسَوْتُهُ فَاسْتَكْسُونِى أَكْسُكُمْ
Artosipun, “Hei kawula Ingsun kabeh. Utawi sira kabeh iku ngelih. Ora bisa mangan sapa manungsa, yen ora oleh peparinge Allah. Mangka nyuwuna mangan sira kabeh ing Ingsun. Mangka paring mangan Ingsun ing sira kabeh. Hei kawula Ingsun kabeh. Utawi sira kabeh iku wuda. Ora bisa nyandhang sapa manungsa, yen ora oleh peparinge Allah. Mangka nyuwuna sandhangan sira kabeh ing Ingsun. Mangka paring sandhangan Ingsun ing sira kabeh.” (Hadits Riwayat Imam Muslim).
Imam An-Nawawi maringi keterangan tambahan, sinten tiyang ingkang kepengin rezekine jembar tur kathah saget dipun ikhtiari kanthi sregep nglampahi shalat, maos shalawat, lan istighfar. Menika selaras kalian Dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:
وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى
Artosipun, “Lan perintaha sira ing ahli (kaluwarga) ira kelawan shalat lan shabar ingatase shalat. Ora ngangel-angel Ingsun ing rezeki sira lan liyane sira. Ingsun (Allah) tansah ngerzekini sira kabeh. Utawi pungkasan kang pinuji (Swarga) iku tetep keduwe wong-wong kang ahli takwa,” (Surat Thaha ayat 132).
Sidang Jum’ah rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, pinaringan rezeki ingkang gampil, kathah, lan barokah. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik JOIN NOW