Khutbah Idul Adha Singkat Terbaru: Menggali Empat Hikmah Kurban (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban
Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban

Ing kesempatan ingkang bingah meniko khotib badhe ngaturaken khutbah kaliyan irah-irahan Ndhudhuk sekawan hikmah kurban.

Hadirin rahimakumullah, ibadah kurban inggih meniko salah setunggal ibadah ingkang dipunanjuraken supados dipuntindakaken dening umat Islam ing saben tahun, ing momentum Idul Adha lan 3 dinten tasyriq (10-13 besar), sedoyo umat Islam nindakaken ibadah kurban.

Bacaan Lainnya

Ibadah kurban meniko termasuk syariat tilaran Nabi Ibrahim lan putranipun ingkang criyosipun sampun masyhur sanget. Ibadah ingkang dipun-Syariataken wajib kagem Nabi Muhammad lan sunnah kagem umatipun meniko tamtunipun nggadah hikmah ingkang kathah sanget.

Syekh Wahbah al-Zuhaili lebeting kitabipun “Fiqh al-Islami wa Adillatuhu” juz III halaman 595, njlentrehaken menawi ing antawis hikmah dipun-syariataken kurban inggih meniko dados wujud syukur atas sedoyo nikmat ingkang sampun dipunparingaken dening Allah ta’ala.

Ibadah kurban ugi saget ngelebur doso saking tiyang ingkang kurban, Baik doso amargi nindakaken larangan utawi amargi kirang taat dhateng Allah SWT. Ugi lantaran kurban saget dados jalaran jembaraken rezeki keluarga ingkang kurban lan ingkang dipunparingi kurban.

 أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun-mulyaaken allah swt,

Allah SWT berfirman lebet serat al-hajj ayat 37:

 لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ

Artosipun: “Daging (kewan kurban) lan getihe iku sapisan-pisan ora bakal tekan marang Allah, nanging kang tekan marang Allah yaiku ketakwaanmu. Mangkono lah Allah nundukno siro ben siro ngegungne Allah atas pituduh kang Allah wenehake marang siro. Wenehono kabar seneng marang wong-wong kang muhsin. (Qs. Al-Hajj: 37)

Kaitanipun ayat meniko, Syekh Muhammad Ali al-Shabuni lebeting kitob tafsir Hukum al-Qur’anipun “Rawai’ al-Bayan” Juz I halaman 618 nafsiraken serat al-hajj ayat 36-37, panjenenganipun njlentrehaken hikmah disyariatkanipun kurban ing antawisipun inggih meniko dados meniko:

Hikmah ingkang pertama, kaliyan kurban umat Islam dipunajeng-ajeng saget nyaketaken dhiri dhateng Allah SWT, angsal ampunan lan ridha Allah SWT. Mboten namung meniko, kurban ugi dados pelebur doso.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait