Kaping kalih, mbiasaaken dhiri kagem ikhlas lebet ngendikan, tindak-tanduk lan amal. Amargi tiyang ingkang nyembelih kewan kurbanipun dipunperintah supados mboten nyebat kejawi asma Allah, nyembelih keranten perintah saking Allah, mboten ngajeng-ajeng kejawi Allah saha mboten wonten tujuwan sanes kejawi namung Allah.
Bab kasebat termasuk wujud saking ngawuloning manungso dhateng Allah Swt. sakepripun lebet serat al-an’am ayat 162-163. Allah taala berfirman:
قُلْ إِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَبِذَلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أّوَّلُ الْمُسْلِمِيْنَ
Artosipun: “Ngucapo (Muhammad), “Setuhune salatku, ibadahku, uripku lan matiku namung kanggo Allah, pengeran kabehing alam. Ora ono kang nyekutoni; lan mangkono lah kang diperintah marang aku lan aku yaiku wong kang pasrah dhiri (muslim).” (Qs: al-An’am: 162-163)
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun-mulyaaken allah swt,
Hikmah kaping tiga ingkang saget dipunpundhut saking syariat kurban inggih meniko supados umat Islam nyembelih kewan ternak namung kagem Allah. Keranten, rumiyin tiyang musyrikin nyembelih kewan ternak dipunpersembahaken kagem berholo. piyambakipun sedoyo ngajeng-ajeng kemanfaatan saking berholo, termasuk kangge nolak balak utawi beboyo.
Keranten meniko lah, Allah SWT paring perintah supados berkurban, kaliyan tujuwan kagem nyaketaken dhiri dhateng Allah Swt. Islam lebeting bab meniko dados penghubung antawis kewan ingkang disembelih kaliyan ketakwaan dhateng Allah Swt.
Jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun-mulyaaken allah swt,
Hikmah kaping sekawan, peristiwa kurban ing hakikatipun wujud totalitas taat dhateng Allah Swt. Bab meniko lewat tulodho Nabi ibrahim as nalika dipunperintah supados nyembelih putranipun Nabi Ismail.
Lan lajeng Ismail dipun-gantosaken kaliyan kewan ternak dening Allah, lan ndadosoken sedekah dhateng tiyang-tiyang fakir saha wasilah nyaketaken dhiri dhateng Allah swt.
Hadirin wal hadirat rahimakumullah
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..