Kagem sadherek-sadherek kito ingkang kaji, dados dhayohipun Allah, kito dongakaken mugi-mugi sedoyo tansah dipunparingi kawilujengan lan kegampilan ing ndalem nindakaken ibadah kaji. Lan mugi-mugi dados kaji ingkang mabrur. Amin
Bab ingkang kaping kalih nindakaken ibadah kurban.
Ingkang asmanipun korban estu awrat (abot) sanget, mila sanadyan saben warsa Idul Adha dipunrayakaken, kadosipun namung sekedhik ingkang saget nyontoh Nabi Ibrahim ing ndalem gesang meniko.
Kito kados nembe kemutan Nabi Ibrahim pas wekdal badhe Idul Adha mawon. Mila ajaranipun nggih dipuntindakaken namung saben warsa. Padahal, Nabi Ibrahim paring piwucalan, utaminipun soal berkurban meniko gadah makna ingkang wiyar sanget, saget kito terapaken ing ndalem gesang ing alam dunyo meniko.
اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Hadirin jemaah sholat ‘eid ingkang dipun-Rahmati Allah
Peristiwa dinten riyadin kurban mboten lepas saking kisah diperintahipun Nabi Ibrahim supados nyembelih putro semata wayangipun, Ismail.
Saged dipunbayangaken, upami Nabi Ibrahim kados Bapak-bapak umumipun, pasti sedih sanget panggalihipun naliko badhe nggorok putro ingkang dangu sanget dipun ajeng-ajeng Nabi Ibrahim.
Kagem Ibrahim, Ismail inggih meniko anugerah paling awis. Setunggaling putro ingkang dipun-rantos puluhan tahun. Setunggaling putro kaliyan pribadi ingkang pinter, cerdas lan bijaksana.
Nanging, Nabi Ibrahim sanes kados Bapak-bapak umumipun. Katresnanipun dhateng Allah subhanahu wata‘ala langkung ageng tinimbang lintunipun.
Dipun-awali muyawarah lan persetujuan (tanpa paksaan) putronipun meniko. Nabi Ibrahim lajeng nindakaken perintah nyembelih Ismail, sanadyan wonten pungkasanipun ritual meniko dipun batalaken kaliyan Allah SWT.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..