Nabi Ibrahim lulus saking ujian ingkang berat sanget, lan drama penyembelihan meniko dipun-gantosaken kaliyan domba ingkang ageng.
اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Hadirin jemaah sholat ‘eid ingkang dipun-Rahmati Allah
Wonten pesan menarik lebet criyos Nabi Ibrahim lan kluwarginipun meniko.
Criyos meniko maringi prikso bilih mboten wonten bondo ingkang paling berharga lan paling awis dipunbanding ketaatan dhateng Allah subhaahu wata‘ala. Nabi ibrahim mampu ngerubah cara pandang / pola pikir tiyang ingkang matur bilih kesugihan duniawi lan putro termasuk ingkang paling utami. Lebeting al-qur’an piyambak dipunaturaken:
إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلادُكُمْ فِتْنَةٌ وَاللهُ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ
“Setuhune bondo lan anak-anakmu namung cobaan (kanggomu): ing sisih allah-lah ganjaran kang gedhe.” (QS at-Taghabun: 15)
Kurban asalipun saking basa arab ingkang artosipun “pendekatan diri”. tegesipun inggih meniko nyaketaken dhiri dhateng Allah.
Nabi Ibrahim ingkang dados teladan lebet ritual taunan kasebat paring piwucal, bilih sampun ngantos ketipu kaliyan kesugihan ingkang sifatipun sekedhap.
Wonten kehidupan ingkang hakiki lan kedah dipun-perjuangaken katimbang kehidupan donyo ingkang fana. Keranten menikolah, ngorbanaken sebagian bondo lillahi ta‘ala mboten wonten ruginipun.
Sikap kados meniko lah ingkang dipun-tunjukaken Nabi Ibrahim, ingkang ugi dipun dereki putronipun, Ismail, ingkang patuh sanget lan sholeh.
Maknanipun, pengorbanan inggih meniko wujud coro pandang manungso ingkang tebih tumuju gesang ingkang bahagia wonten akhirat benjang.
وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَلَلدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ أَفَلَلَا تَعْقِلُونَ
Artosipun: “Setuhune kauripan ing donyo iki namung dolanan lan guyonan wae. Lan temen kampung akhirat iku luwih apik kanggo wong-wong kang takwo. Mula opo to siro ora paham? (QS Al-An’am: 32)
Sanadyan kito sering berkurban saben warsa, menopo sebanding kaliyan pengorbanan Nabi Ibrahim? Menopo sebanding kaliyan sengkuyung pengorbanan Ismail ingkang taksih bocah? Menopo sebanding kaliyan sengkuyung pengorbanan garwanipun, Siti Hajar?
Ingkang kito kurbanaken meniko dereng sapinten.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..