KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَوْضَحَ لَنَا شَرَائِعَ دِيْنِهِ وَمَنَّ عَلَيْنَا بِتَنْزِيلِ كِتَابِهِ وَأَمَدَّنَا بِسُنَّةِ رَسُولِهِ، فَلِلّٰهِ الْحَمْدُ عَلَى مَا أَنْعَمَ بِهِ مِنْ هِدَايَتِهِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى خَيْرِ الْإِنْسَانِ مُبَيِّنًا عَلَى رِسَالَةِ الرَّحْمَنِ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الْمَحْبُوْبِيْنَ جَمِيْعًا, وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مُوْقِنٍ بِتَوْحِيْدِهِ، مُسْتَجِيْرٍ بِحَسَنِ تَأْيِيْدِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ الْمُصْطَفَى، وَأَمِيْنُهُ الْمُجْتَبَى وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى كَافَةِ الْوَرَى.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللّٰهِ اِتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: بِسْمِ اللّٰهِ الرّٰحْمَنِ الرّٰحِيْمِ، وَالْعَصْرِ إِنَّ الإنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِینَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Miwiti saking mimbar khutbah menika, kula minangka khatib ngajak dhateng piyambak kula pribadi saha dhateng panjenengan sedaya, supados tansah ngiyataken taqwa dhateng Allah SWT.
Taqwa punika kedah kita tanem jero-jero wonten ing dhiri kita, amargi taqwalah ingkang dados lampah lan rambu-rambu gesang kita, supados tansah ngugemi dhawuh Allah lan nyingkiri samukawis ingkang dilarang.
Wonten ing pundi kemawon, kapan kemawon, lan kahanan kadospundi kemawon, taqwa punika kedah tansah ngancani lakunipun gesang kita, supados kita kaslametaken wonten ing donya saha akhirat.
Taqwa badhe ndadosaken kita dados tiyang ingkang tansah istiqamah wonten ing ibadah saha shalih wonten ing muamalah, boten namung wonten ing kahanan tartamtu, nanging ugi ing sedaya kahanan.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Wonten wekdal punika, kita taksih wonten ing wulan Dzulhijjah. Wulan ingkang wonten kalih ibadah utama ingkang saged nguwataken iman saha taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika nyembelih kéwan qurban lan nglampahi ibadah haji wonten Tanah Suci Makkah.
Semangat kalih ibadah punika kedah kita lestantunaken sawisé nindakaken. Nilai sosial saha pendekatan dhiri dhateng Gusti Allah kedah kita lampahi kanthi istiqamah. Boten namung ing wulan Dzulhijjah, nanging ugi ing wekdal-wekdal salajengipun.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..