Tiyang kang bathi inggih menika tiyang ingkang saged migunakaken wekdalnipun kanggé nyiapaken bekal, supados nalika dipun pindhah kanthi dadakan, omah langgengipun ing alam barzakh saged dados panggenan ingkang aman, nyaman, makmur, lan slamet saking fitnah kubur.
Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan,
Saged kemawon wonten ing antawis kita ing taun kepungkur, utawi sasi kepungkur, utawi malah kolowingi, taksih asyik nglampahi maksiat dhateng Allah, nganiaya tiyang sanes, utawi asring nglarani tiyang sepuh.
Saged ugi wonten ingkang taksih males nglampahi shalat fardhu, mboten siyam Ramadhan, utawi nampi barang haram- kados panganan, omben-omben, utawi sandhangan.
Malah saged ugi taksih seneng goroh, nyela, memfitnah, lan nggunjing. Monggo bebarengan kita tobat, nyuwun pangapunten dhateng Allah, lan janji boten ngulang malih. InsyaAllah, pangapuntenipun Allah langkung ageng tinimbang dosa-dosa kita.
Allah ngendika wonten ing Al-Qur’an:
اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَأْخُذُ الصَّدَقٰتِ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
Tegesipun: “Apa padha ora padha mangerteni, bilih Allah nampi tobatipun kawulane lan nampi sedekah, sarta Allah punika Maha Nampani tobat, Maha Welas Asih.” (QS. At-Taubah: 104)
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Wonten ing dinten punika, utawi ing taun punika ingkang ngancik pungkasan, ayo sami ningali pribadi kita piyambak-piyambak. Sampun sepinten petenge manah kita? Yen kita tetep enggan tobat, saged dados titik peteng punika nutupi sedaya manah kita.
Nanging yen tobat punika tulus keranten Allah, mesthi manahipun bakal resik malih saking regetan sanadyan meh karatan. Wiwit dinten punika, sumonggo kita nebihi pergaulan ingkang ndadekake tebih saking Allah. Rawuha wonten ing majelis taklim, lan pepanggihan kalih tiyang-tiyang shalih.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..