Khutbah Jumat Akhir Tahun PDF: Urip Ing Tiga Wekdal: Kolowingi, Sakniki, Lan Mbenjang (B. Jawa)

gambar ilustrasi merenung
gambar ilustrasi merenung

Sampun ngantos isin ninggal maksiat, aja wedi dipun-wastani “ndeso” amarga taat, lan aja minder mlebu masjid lan melu shalat berjamaah. Wenehi salam dhumateng kanca lawas sanajan sering ngolok-ngolok. Keranten, sedaya punika namung ngerantos hidayah.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Wekdal terakhir yaiku benjing (mbesok). Mboten wonten satunggal tiyang ingkang mangertosi punapa ingkang badhe kelampahan sesuk. Kita saged ndamel rencana, ndamel jadwal, nanging sedaya punika tetep gumantung dhumateng kersanipun Allah SWT.

Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

إنَّ أَحَدَكُم يُجْمَعُ خلقُهُ فِيْ بَطْنِ أُمِّهِ أَرْبَعِيْنَ يَوْمًا نُطْفَةً، ثُمَّ يَكُوْنُ عَلَقَةً مِثْلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يَكُوْنُ مُضْغَةً مِثلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يُرْسَلُ إِلَيْهِ الْمَلَكُ فيَنْفُخُ فِيْهِ الرُّوْحَ، وَيُؤْمَرُ بِأَرْبَعِ كَلِمَاتٍ: بِكَتْبِ رِزْقِهِ، وَأَجَلِهِ، وَعَمَلِهِ، وَشَقِيٌّ أَوْ سَعِيْدٌ،

“Sak tenané salah siji saka siro kabeh digawé wujude ing jero wetenge ibune sajrone patang puluh dina (isih wujud mani), banjur dadi segumpal getih sajrone patang puluh dina meneh, terus dadi segumpal daging sajrone patang puluh dina uga. Banjur Gusti Allah ngutus malaikat kanggo nyebulaké nyawa menyang janin kuwi, banjur ditetepké marang janin kuwi papat perkara: rejekiné, ajale, tumindaké, lan nasibé: bakal sengsara apa bahagia.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Rasulullah ugi ngendika:

كُلُّ أُمَّتِي يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ إِلَّا مَنْ أَبَى ، قَالُوا : يَا رَسُولَ اللَّهِ وَمَنْ يَأْبَى؟ قَالَ : مَنْ أَطَاعَنِي دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ عَصَانِي فَقَدْ أَبَى

“Saben umatku bakal mlebu suwarga, kajaba wong-wong sing ora gelem mlebu. Ana wong takon, ‘Sinten tiyang ingkang mboten purun, ya Rasulullah?’ Nabi njawab, ‘Sapa wae sing nurut marang aku, mesthi mlebu suwarga. Sing ora nurut, kuwi jenenge wong sing ora gelem mlebu suwarga.’” (HR. Bukhari)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait