KHUTBAH JUMAT 1
الحَمْدُ للهِ الّذِي خَلَقَ الخَلْقَ لِعِبَادَتِهِ، وَأَمْرُهُمْ بِتَوْحِيْدِهِ وَطَاعَتِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَكْمَلُ الخَلْقِ عُبُودِيَّةً للهِ، وَأَعْظَمَهُمْ طَاعَةً لَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبهِ.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللهِ جَمِيعًا وَلاَ تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَتَ اللهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنتُمْ أَعْدَآءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُم بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا
صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Hadirin jamaah jumah Rahimakumullah
Sumonggo kito tansah ningkataken takwa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi takwa ingkang saestu. Takwa ingkang kito wujudaken kanto taat ngelampahi sedaya dhawuhipun lan sedaya sedaya laranganipun.
Hadirin jamaah jumah Rahimakumullah
Wonten dinten punika, jagad dunya lagi kaparingan cobaan ageng awujud perang antawisipun kalih negoro ageng wonten ing Timur Tengah, inggih punika Iran lan Israel. Ewonan nyawa dalam ancaman, papan panggenan rubuh, lan raos aman kados impen kemawon.
Kito saged nyekseni saking media, kados pundi tiyang-tiyang sipil dados korban, anak-anak kelangan kulawarganipun, lan umat Islam sami ajrih lan sangsoro.
Nanging, sumonggo kito tingali kahanan kito ing negoro Indonesia ingkang kaparingan merdeka lan tentrem saking Allah SWT. Kito saged shalat Jum’at tanpa swara ledakan, saged ngaji tanpa ajrih diserang, saged sare tanpa was-was griyo kito kenging rudal.
Pramilo, punapa prayogi ta kito lali saking syukur?
BACA HALAMAN BERIKUTNYA