Khutbah Jumat Terbaru PDF Tentang Perang Iran-Israel: Ujian Mereka, Intropeksi Kita (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Perang Israel dan Iran. Sumber Foto cms disway.id
Ilustrasi Perang Israel dan Iran. Sumber Foto: cms.disway.id

Allah Subhanahu wa Ta’ala ngandika wonten ing surat Ibrahim ayat 7:

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌدٌ

Bacaan Lainnya

Tegesipun: “Lan elinga nalika Pangeranmu ngumumake, “Saktemene yen siro padha syukur, mesthi Aku bakal nambah nikmat marang siro; nanging yen siro padha kufur (ngingkari nikmat-Ku), mesthi siksa-Ku banget abote.” (QS. Ibrahim: 7)

Hadirin jamaah jumah Rahimakumullah

Perang ing antawisipun Iran lan Israel punika mboten namung konflik politik kemawon. Nanging dados pangeling bilih nikmat-ing raos aman punika kalebet rahmat agung saking Gusti Allah.

Mila menawi nikmat punika boten kito gunakaken kangge nambah ibadah, mbeneraken akhlak, lan mbela agami Allah kanthi cara tentrem lan bijaksana, punapa kito mboten kalebet tiyang ingkang rugi?

Rasulullah ﷺ ngendika:

مَنْ أَصْبَحَ مِنْكُمْ آمِنًا فِي سِرْبِهِ، مُعَافًى فِي جَسَدِهِ، عِنْدَهُ قُوتُ يَوْمِهِ، فَكَأَنَّمَا حِيزَتْ لَهُ الدُّنْيَا

Tegesipun: “Sapa wae kang ing antarane siro kabeh esuké rumangsa aman ing panggonané, awaké waras, lan nduwèni pangan cukup kanggo dina kuwi, mula kaya-kaya donya lan sak isiné wis diparingké marang dhèwèké. (HR. Tirmidzi)

Kados pundi kathahipun sedherek kito ing Gaza, Iran, saha negoro perang sanesipun ingkang mboten gadhah salah satunggal saking tigang nikmat punika. Mila sumonggo kito manfaataken raos aman punika kangge nambah ibadah, mboten namung kangge males-malesan wonten ing dosa.

Mila saking punika, khatib ngemutaken malih dhateng pribadi lan para jamaah, supados dados kawula ingkang tansah syukur, boten namung lumantar lisan, nanging ugi tumindak nyata.

Wonten katah coro kangge ngetingalaken raos syukur kito:

  1. Tansah rawuh dhateng masjid, boten namung nalika Jum’at kemawon;
  2. Ngreksa sholat gangsal wekdal, boten namung nalika wonten musibah;
  3. Nulung sesami, boten nambah pasulayan;
  4. Mengisi wekdal luang kaliyan ilmu lan amal, boten kaliyan hiburan ingkang dadosaken supe dhateng Allah.

Sumonggo kito perhatosaken firmanipun Allah wonten ing QS. Al-Anfal ayat 53:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA

Pos terkait