ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً اَنْعَمَهَا ع عَلٰى قَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ ٥٣
Tegesipun: “Kuwi merga saktemené Allah ora bakal ngowahi nikmat kang wis diparingké marang siji kaum, nganti wong-wong kuwi ngowahi apa kang ana ing dhiri déwèké dhéwé. Saktemené Allah Kuwi Maha Mireng lan Maha Ngerti.” (QS. Al-Anfal: 53).
Hadirin jamaah jumah Rahimakumullah
Tegesipun, menawi kito boten ngreksa lan mboten syukur dhateng nikmat kemerdekaan lan katentreman punika, mesthi Allah badhe nyabut nikmat punika lan dipun-gantos kaliyan karusakan kados ingkang kito sakseni wonten ing negoro-negoro konflik.
Sumonggo kito gunakaken nikmat punika mboten kangge sembrana, nanging kangge ningkataken kualitas iman lan ibadah. Dadosaken kulawarga kito minangka griya ingkang taat dhateng Allah. Dadosaken negoro kito minangka negoro ingkang kebak berkah amargi netepi syari’atipun.
Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam ngendika, ingkang artosipun:
“Sapa wae kang ora bisa syukur karo sing sithik, mesthi uga ora bakal syukur karo sing akèh.” (HR. Ahmad)
Mila saking punika, sumonggo kito wiwiti saking bab-bab alit: ngreksa sholat gangsal wekdal, ninggal kemaksiatan, ngatahaken dzikir lan istighfar, lan ndedonga kangge sedherek kito ingkang kenging musibah.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA