KHUTBAH I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَامَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’at ingkang kinurmatan déning Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Sukur alhamdulillah tansah kita aturaken dhumateng Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringi nikmat saha kanugrahanipun, sahinggo kita saged rawuh ing masjid ingkang kita tresnani punika, ing taun enggal punika, miwiti lembaran anyar ing buku gesang kita.
Monggo kita sami niyataken ing sajroning manah, supados tansah istiqamah njaga saha nginggilaken iman lan taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi estu-estu tanpa rumaos abot.
Sholawat lan salam, kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mugi-mugi kita sedaya nampi syafa’atipun wonten ing dinten ingkang dipun janjèkaken. Aamiin Allahumma Aamiin.
Jama’ah shalat Jum’at ingkang kinurmatan déning Allah SWT
Mboten karaos, yuswa kita saya mundhak, nanging hak damel kangge gesang saya suda. Dinten punika kita mlebet buku cathetan amal ingkang enggal, lembaranipun ugi nembe kita wiwiti dinten punika.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..