Baris demi baris, wiwit enjing wau, wiwit tangi turu, sampun kita isi kalihan tumindak ibadah saha kabecikan. Nanging ugi boten setunggal kalih ingkang ngisi kanthi kebecikan, wonten ingkang malah kawiwitan kalihan maksiat lan tindak ala.
Sedaya tumindak ingkang kita lampahi ing taun enggal punika, sedaya perkawis badhe katulis. Buku cathetan amal ingkang badhe kita tampi ing dinten pengadilan, buku rekam jejak kita wiwit akil balig, sapunika tekan pungkasaning gesang.
Sampun pinten kandelipun buku cathetan amal kita, ingkang sae utawi awon, boten wonten satunggal kemawon ingkang kancrit, sedaya kacathet déning para malaikat. Para malaikat punika boten nate supe, boten nate tilem, boten nate kesel, boten nate gerah, lan boten nate bosen nyatet saben tumindak lan ucapan kita.
Malaikat pencatat amal punika tansah ngancani kita. Boten wonten satunggal tumindak kemawon ingkang boten kacathet. Saben ucapan kita, saben tindak-tanduk kita, sedaya kalebet ing cathetanipun.
Malah ing jaman modern punika, ing jaman digital punika, saben tulisan kita ing media sosial, saben gambar aurat ingkang kita sebarke, saben video ingkang boten prayoga, sedaya punika ugi kacathet.
Manawi ingkang kita sebarke punika kabecikan, mila badhe katulis dados kabecikan. Nanging manawi ingkang kita sebarke punika fitnah, hoaks, ghibah, celaan, cacian, ngedum aib, gambar utawi video haram, mila kita kedah siyap nampi cathetan dosa jariyah ing buku amal kita.
Allah ngandika wonten ing Al-Qur’an,
إِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيَانِ عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيدٌ (١٧) مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ (١٨)
Tegesipun: “Nalika ana loro malaikat nyatet tumindake, siji lungguh ing sisih tengen lan sijine lungguh ing sisih kiwa. Ora ana sak tembung wae sing diucapake kejaba ana malaikat pengawas sing mesthi ana lan tansah nyatet.” (QS. Qaaf: 17–18)
Jama’ah shalat Jum’at ingkang kinurmatan déning Allah SWT
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..