Artikel ini menghadirkan khutbah jumat bahasa jawa terbaik dengan judul Awas! 5 Perilaku Pengundang Su’ul Khatimah. Naskah ini tersedia lengkap dalam dua bahasa, Indonesia dan Jawa.
Khutbah jumat bahasa jawa terbaik ini juga kami sediakan dalam format PDF gratis. Anda bisa langsung mengunduhnya tanpa repot mencetak, cukup dibuka melalui tablet atau ponsel.
Khutbah jumat bahasa jawa terbaik Setiap paragraf disusun ringkas agar mudah dibaca. Pastikan Anda turut membantu share ke grup relasi agar manfaatnya lebih luas.
Dengan membaca khutbah jumat bahasa jawa terbaik ini, semoga kita terhindar dari su’ul khatimah.
Mari gunakan materi ini sebagai bekal dakwah yang penuh hikmah.
(Penulis: Muhammad Ishom, dosen Fakultas Agama Islam UNU Surakarta. Penyunting: khutbahsingkat.com)
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG
KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jamaah Shalat Jumat hafidhakumullâh,
Sumonggo kita tansah usaha ningkataken takwa dhateng Allah Subhânahu wa Ta’âlâ kanthi takwa ingkang sajatosipun. Mugi kanthi takwa, kita dipun wilujengaken dening Allah saking sedaya awon ing donya saha akhirat, utaminipun saking su’ul khâtimah.
Wonten ing dinten menika, khatib badhe ngemutaken dhateng kita sedaya bab perkawis ingkang sanget wigatos, inggih punika gangsal tingkah laku ingkang saged ndadosaken tiyang tilar donya wonten ing keadaan su’ul khâtimah, kados ingkang dipun terangaken dening al-‘Allamah Sayyid Abdullah bin Alawi al-Haddad wonten ing kitab Sabîlul Iddikâr wal I’tibâr. Panjenenganipun nyerat:
قَالُوْا: وَأَكْثَرُ مَنْ يُخْشَى عَلَيْهِ سُوْءُ اْلخَاتِمَةِ ، وَاْلعِيَاذُ بِا للهِ، اَلْمُتَهَاوِنُ بِالصَّلاَةِ، وَاْلمُدْمِنُ لِشِرْبِ الخَمْرِ، والعَاقُّ لِوَالِدَيْهِ، وَالَّذِي يُؤْذِي اْلمُسْلِمِيْنَ، وَكَذَالِكَ المُصِرُّوْنَ عَلَى اْلكَبَائِرِ وَاْلمَوْبِقَاتِ، اَلَّذِيْنَ لَمْ يَتُوْبُوْا اِلَى اللهِ مِنْهَا
Para ulama ngendika, wong-wong sing paling dikhawatirake bakal entuk su’ul khatimah yaiku: sing sembrana ning sholat, kecanduan ngombe khamr, durhaka marang wong tuwa, seneng nglarani wong Islam liyane, lan sing terus-terusan nindakake dosa gedhe tanpa tobat marang Allah.
Jamaah ingkang pinaringan rahmat dening Allah,
Sumonggo kita renungaken setunggal-setunggal.
Kaping pisan: Wong kang sembrana wonten ing shalat
Shalat punika amalan ingkang pisanan badhe dipun hisab ing dinten kiyamat. Rasulullah ﷺ ngendika:
أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلاَتُهُ ، فَإنْ صَلُحَتْ ، فَقَدْ أفْلَحَ وأَنْجَحَ ، وَإنْ فَسَدَتْ ، فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ
Sepisanan amal sing dihisab kanggo sawijining kawulo ing dina kiamat yaiku sholate. Yen apik, mesthi bejo lan slamet. Yen rusak, mesthi cilaka lan rugi. (HR. Tirmidzi)
Kados pundi kathahipun tiyang ingkang ngremehaken shalat. Kadhangkala namung ngantos-antos, utawa shalat nalika sempat mawon. Na’ûdzu billâh. Manawi shalat kita kemawon sampun awon, kados pundi amal sanesipun?
Allah ugi dhawuh supados kita ngreksa awak kita lan kulawarga kita saking neraka. Mulanipun, sumonggo kita wiwiti saking awak kita piyambak, lajeng ngajak kulawarga kita nglaksanani shalat. Aja nganti shalat dados sabab kita keseret wonten ing su’ul khâtimah.
Kaping kalih: Wong kang kecanduan ngombe minuman keras
Rasulullah ﷺ ngendika:
كُلُّ مُسْكِرٍ خَمْرٌ، وَكُلُّ خَمْرٍ حَرَامٌ
Saben sing memabukake iku khamr, lan saben khamr iku haram. (HR. Muslim)
Minuman keras ngrusak akal, njalari rusaking budi pekerti, kacilakan, ngantos tumeka paten-patenan. Kalebet ugi narkoba — sebab duweni efek sami, memabukkan lan njurung dhateng karusakan.
Wong ingkang boten kendhat saking mabuk-mabukan, sanget dipun kuwatiraken badhe tilar donya wonten ing keadaan su’ul khâtimah. Mugi Allah nglindhungi kita sedaya.
Kaping tiga: Wong kang durhaka dhateng wong tuwa
Menika dosa ageng sasampunipun syirik. Rasulullah ﷺ ngendika:
سُئِلَ رَسُولُ اللهِ صلى الله عليه وسلم عَنِ الْكَبائِرِ قَالَ: الإِشْراكُ بِاللهِ، وَعُقوقُ الْوالِدَيْنِ، وَقَتْلُ النَّفْسِ، وَشَهادَةُ الزّورِ
Nalika Rasulullah ditakoni bab dosa-dosa gedhe, panjenenganipun mangsuli: “Syirik, durhaka marang wong tuwa, mateni wong, lan kesaksian palsu.” (HR. Bukhari Muslim)
Allah ugi dhawuh wonten Al-Qur’an:
وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ
Lan Kami dhawuhake marang manungsa supaya bekti marang wong tuwane… (QS. Luqman: 14)
Kados pundi kathahipun anak ingkang gampang nesu, ora remen ngladeni, malah nglenggani wong tuwa. Yen wong mati kanthi nggondheli dosa durhaka, sanget nggegirisi pungkasane. Sumonggo kita introspeksi, sampun dangu nopo dereng kita nyenengake tiyang sepuh?
Kaping sekawan: Wong kang seneng nganiaya Muslim liyane
Kezaliman punika boten badhe dibiakaken dening Allah kajaba dipun bayar lunas. Rasulullah ﷺ ngendika:
وَأَمَّا الظُّلْمُ الَّذِي لا يَتْرُكُهُ الله فَظُلْمُ الْعِبَادِ بَعْضِهِمْ بَعْضًا حَتَّى يُدَبِّرُ لِبَعْضِهِمْ مِنْ بَعْضٍ
Adapun kezaliman sing ora bakal ditinggal Allah yaiku kezaliman manungsa marang liyane nganti padha dilunasi siji lan sijine. (HR. Thabrani)
Kalebet caci maki, fitnah, nyolong duweke wong liya, utawi mateni. Aja sembrana, awit tiyang ingkang bangkrut ing akhirat menika inggih punika tiyang ingkang teko nggawa shalat, poso, zakat — nanging ugi nggawa dosa nganiaya liyan. Pungkasanipun sedaya pahalaipun entek kanggo mbayar kezaliman.
Kaping gangsal: Wong kang tansah nindakake dosa gedhe tanpa tobat
Ana unen-unen Jawa: “Molimo”, inggih punika madon (zina), mendem (mabuk), main (judi), madat (narkoba), maling (nyolong). Sedaya punika dosa gedhe ingkang sampun cetha haramipun wonten Al-Qur’an.
Allah dhawuh:
وَ لاَ تَقْرَبُوا الزّنى اِنَّه كَانَ فَاحِشَةً، وَ سَآءَ سَبِيْلاً
Aja cedhak-cedhak karo zina, merga zina iku kalebu tumindak sing kejem lan ala banget dalane. (QS. Al-Isra’: 32)
Dalil harame mabuk, madat lan judi wonten Al-Maidah ayat 90:
إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ
Satemene khamr, judi, berhala lan panah ramalan iku najis kalebu perbuatan setan. Mulaning kuwi pada adoh-a! (QS. Al-Maidah: 90)
Den ing dalil harame nyolong wonten Al-Baqarah ayat 188:
وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ
Aja padha mangan bandha siji lan sijine kanthi cara bathil. (QS. Al-Baqarah: 188)
Jamaah ingkang minulya, tiyang ingkang gesang tansah ngelampahi dosa gedhe lan boten gelem tobat, sanget dikhawatiraken badhe tilar donya wonten ing keadaan su’ul khâtimah.
Jamaah Shalat Jumat hafidhakumullâh,
Sumonggo kita nyuwun dhumateng Allah supados dipun adohaken saking gangsal perkawis menika. Kita sami ngersakaken pejah wonten ing keadaan husnul khâtimah, nggondheli iman, ridha Allah, lan sampun kapunten sedaya dosa.
Mugi Allah tansah maringi rahmat dhateng kita sedaya, nuntun kita wonten ing margi takwa, ngreksa lisan, manah, lan anggota badan saking dosa. Lan nalika malaikat maut rawuh, mugi kita kalebet tiyang ingkang husnul khâtimah. Amin, amin, ya Rabbal ‘alamin.
أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG