KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah,
Sumonggo kita tansah ngluhuraken drajat taqwa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi netepi sedaya dhawuhipun lan nyirnakaken sedaya laranganipun. Keranten anamung kanthi taqwa, manungsa saged slamet wonten ing donya lan akhirat.
Sholawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita, Nabiyullah Muhammad SAW, kalih kulawarga saha para sahabatipun.
Hadirin Rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang kebak berkah punika, khatib badhe ngelingaken dhumateng awak pribadi saha jamaah sedaya, bab urip sakwuse pati, ingkang mesthi badhe kita lampahi. Saben tiyang mesthi badhe ngadhepi pati, ninggalaken donya punika lumebet alam kubur.
Allah Ta’ala ngendika wonten ing Al-Qur’an:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ
“Saben kang nduwé nyawa mesthi bakal ngrasakaké mati.” (QS. Ali Imran: 185)
Pati punika dudu pungkasaning urip, nanging wiwitaning lelampahan ingkang dangu dhateng akhirat. Rasulullah ﷺ nate ngendika ing hadits ingkang masyhur, nggambaraken kahanan manungsa nalika seda:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثَةٌ: أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ، فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ، يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
“Mayit bakal ditutugi/ditutake karo telu perkoro: keluargané, bandhané, lan amalé. Banjur loro bali, siji tetep bareng. Keluargané lan bandhané bakal bali, déné amalé kang tetep ngetutké.” (HR. Bukhari no. 6514 lan Muslim no. 2960)
Hadirin Rahimakumullah,
Sumonggo kita renungaken siji-siji, tigang perkawis ingkang badhe ngetutake mayit dhateng alam kubur.
Kaping pisan, ingkang ngetutake mayit dhateng alam kubur punika kulawarga.
Nalika kita seda, kulawarga badhe nganterake dhateng pasareyan. Ngguneman kalih tangis, donga, lan pangalembana tumrap kabecikan kita.
Nanging, sasampunipun panguburan rampung, kulawarga badhe kondur dhateng griyanipun piyambak-piyambak, nerusaken urip kados biasanipun. Malah kadhangkala suwe-suwe kulawarga boten kemutan, boten nate rawuh malih dhateng makam, boten nate ndongakaken malih.
Hadirin Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kaping kalih, ingkang ngetutake mayit dhateng alam kubur punika bandha.
Bandha ingkang kita kumpulaken sajroning urip, ugi badhe “ngetutake” kita. Mobil mewah saged nganterake kita, kain kafan lan kuburan dibiayai saka bandha kita.
Nanging, sasampunipun, bandha punika dados kagungan ahli waris. Padatan dipun bagi-bagi, malah saged dados perebutan antawis anak turune. Bandha puluhan taun saged dados bibit sengketa.
Hadirin Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Kaping tiga, ingkang ngetutake mayit dhateng alam kubur punika amal.
Amal punika ingkang kari, sae utawi awon. Panjenengane punika ingkang badhe ngancani kita wonten ing alam kubur, dados kancan setya ingkang nemtokake nasib kita wonten ing akhirat.
Menawi amal kita sae, punika badhe dados pepadhang, pitulungan, saha panglipur. Nanging menawi amal kita awon, badhe dados musibah saha penyesalan ingkang boten gadhah paedah.
Rasulullah ﷺ ngendika:
إِذَا مَاتَ الإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَنْهُ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلاثٍ: صَدَقَةٌ جَارِيَةٌ، أَوْ عِلْمٌ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٌ صَالِحٌ يَدْعُو لَهُ
“Yèn manungsa wis mati, amalé bakal putus kajaba saka telu: sedekah jariyah, ilmu kang migunani, utawa anak soleh kang ndongakaké.” (HR. Muslim no. 1631)
Hadirin Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Menawi amal kita sae, kita badhe dipun-kancani pepadhang lan suasana ingkang maringi kabagyan. Nanging menawi amal kita awon: remen adu domba, nyimpen dendam kaliyan sedulur utawi tangga, boten nate sholat, tansah maksiat, mesthi badhe nandhang sangsara lan siksa ing alam kubur.
Mila saking punika, monggo kita perbanyak amal shalih, ninggalaken maksiat, ndandani akhlak, saha migunakaken bandha kagem kabecikan. Supados nalikanipun kita tilar donya, kita dipunancani amal ingkang nyenengaken dhateng alam kubur.
Mugi Allah paring pangestu, dadosaken kita kalebet hamba-hamba ingkang tansah nyiapaken bekal ingkang paling sae kagem maot. Monggo kita nyuwun pangapunten dhateng Allah, dhumateng sakathah-kathah dosa lan kalepatan kita. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ.
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG