Khutbah Jumat Menyambut Bulan Safar Dengan Iman Yang Benar (Bahasa Jawa)

bulan safar
bulan safar

KHUTBAH I

   اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ  

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah…

Monggo kita tansah nderek ngluhuraken takwa dhateng Gusti Allah ﷻ kanthi takwa ingkang saestu. Takwa ingkang ndadèkaken kita saya cedhak kaliyan Gusti Allah, saya tumujud dhateng syari’atipun, lan saya adoh saking sedaya ingkang dados laranganipun.

Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan Allah,

Sapunika kita wonten ing wekdal pungkasaning wulan Muharram, lan bade mlebet wulan Safar, ingkang dados wulan kaping kalih wonten ing kalender hijriyah. Nanging, sayektosipun taksih kathah umat Islam ingkang kagungan pamanggih klentu bab wulan punika, kados ta anggepan bilih wulan Safar punika mbeto apes, musibah, lan bilai.

Malah wonten ugi istilah “Rabu Wekasan”, inggih punika Rebo pungkasan wulan Safar ingkang dipunpercaya minangka dinten turuning balak musibah.

Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan Allah,

Anggepan bilih wulan Safar punika wulan sial, boten saged dipun tampi wonten ing ajaran Islam. Kanthi cetha, Rasulullah ﷺ sampun mbantah anggepan punika. Wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken Imam Bukhari lan Muslim, Rasulullah ﷺ ngendika:

لَا عَدْوَىٰ وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ

“Ora ana penyakit nular (sing teka dhewe tanpa izin saking Allah), ora ana thiyarah (tandha kesialan), ora ana manuk kuwu, lan ora ana kesialan ing wulan Safar.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Hadits punika negesaken bilih kesialan wonten ing wulan Safar punika boten wonten. Gusti Allah piyambak ingkang ngatur sedaya perkawis, mboten namung wulan, dinten, lan makhluk tapi sedaya diatur Allah.

Nanging, kepripun menawi wonten sebagian ulama lan masyarakat ingkang percados dhateng Rabu Wekasan?

Amargi kasunyatanipun, sebagian ulama salaf lan umat Islam ugi nindakaken doa khusus lan shalat sunnah ing Rabu Wekasan punika.

Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan Allah,

Amalan punika dipun lampahi boten amargi yakin bilih dinten punika mesti ndadèkaken musibah, nanging minangka usaha nyuwun pangayoman dhateng Allah saking bilai.

Selami punika boten dipun landhesi keyakinan khurafat lan boten bertentangan kaliyan syari’at, mila boten kalebet bid’ah dhalalah. Gusti Allah ngendika ing Surah Al-A’raaf ayat 56:

ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ

“Ndongoa marang Pangeranmu kanthi andhap asor lan swara alus. Satemene Allah ora seneng marang wong-wong sing ngluwihi wates.”

Jamaah Jum’ah rahimakumullah,

Gusti Allah ﷻ ngajaraken dhumateng kita supados boten gumantung dhateng makhluk, langkung-langkung dhateng keyakinan kosong tanpa dasar. Kita dipun dhawuhake supados tansah tawakal dhateng Allah. Gusti Allah ﷻ ngendika:

وَعَلَى اللّٰهِ فَتَوَكَّلُوا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ

“Lan mung marang Allah kudune kowe podo tawakal, menawa kowe pancen wong-wong sing iman.” (QS. Al-Ma’idah: 23)

Yakin bilih wulan Safar nggawa bilai, punika kalebet kelemahan iman lan lawang mlebet dhumateng syirik, keranten ndadèkaké saliyane Allah minangka sumber kabegjan utawi kesialan.

Monggo kita resiki manah kita saking keyakinan jahiliyah punika, amargi Rasulullah ﷺ kaparingan tugas kanggé ngilangi sedaya punika. Malah wonten ing khutbahipun piyambak ngendika:

“Satemene getih, bandha, lan drajate siro kabeh kabeh kuwi haram kanggo siro kabeh, kados haramé dina iki, wulan iki, lan nagara iki.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Wulan Safar punika boten beda kaliyan wulan sanèsipun ing Islam. Ingkang ndadèkaké wekdal punika berkah, inggih punika ketaatan kita, dudu wekdal punika piyambak.

Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan Allah,

Tinimbang kita ajrih kaliyan perkawis ingkang boten wonten dhasaripun, monggo kita isi wulan Safar punika kaliyan macem-macem ibadah, kados ta:

Tobat lan memperbanyak istighfar, Nguwataken tauhid lan ninggal kesyirikan. Meluruskan niyat lan keyakinan mung dhumateng Allah. Ngelampahi ibadah sunnah kados poso Senin-Kemis. Nambahake sedekah lan kabecikan dhumateng sesami

Kanthi mekaten, wulan Safar punika badhe dados wulan ingkang kebak berkah, senes wulan ingkang ndamel resah/keweden. Mekaten khutbah kapisan punika.

Mugi Gusti Allah paring pitedah dhumateng manah kita kanggé nampi kayektèn lan ngajawi kita saking keyakinan ingkang nyimpang.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

KHUTBAH II

       اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.

فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر   

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ 

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait