KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Hadirin jamaah Jumah rahimakumullah.
Wonten ing kesempatan khutbah menika, kulo ngajak panjenengan sami supados ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah kanthi saestu, inggih punika kanthi saestu ngelampahi sedaya parentahipun lan nyegah saking sedaya pilaranganipun. Keranten saking iman lan takwa menika, kita sedaya saged pinaringan slamet, ing donya lan akhirat.
Hadirin jamaah Jumah rahimakumullah.
Dinten menika kita sampun mlebet wulan Safar, inggih punika wulan kaping kalih ing kalender Hijriyah. Wulan menika asring dipun anggep sebagian masyarakat minangka wulan ingkang sial utawi kebak musibah. Panemu menika jelas mboten wonten dasar lan bertentangan kaliyan ajaran Islam ingkang lurus.
Wonten ing ajaran Islam, boten wonten wulan ingkang damel cilaka utawi mujudaken keberuntungan. Sedaya dinten lan wulan punika ciptaanipun Allah ﷻ, sami sae anggenipun manungsa ngisi kanthi taat lan amal saleh. Allah ﷻ paring dawuh:
إِنَّ عِدَّةَ ٱلشُّهُورِ عِندَ ٱللَّهِ ٱثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِى كِتَٰبِ ٱللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضَ مِنْهَآ أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلْقَيِّمُ ۚ
“Saktemene cacahing wulan ana ing sandhinge Allah iku rolas wulan, miturut katetepane Allah nalika Allah nitahake langit lan bumi. Antarane wulan-wulan kuwi ana papat kang diharamake (suci). Kuwi agama kang lurus…” (QS. At-Taubah: 36)
Hadits Nabi ﷺ ugi negesaken bilih percaya wulan Safar minangka sumber kesialan punika termasuk kebiasaan jahiliyah ingkang sampun dibatalaken dening Islam:
لَا عَدْوَى، وَلَا طِيَرَةَ، وَلَا هَامَةَ، وَلَا صَفَرَ
“Ora ana penyakit nular (kajaba ijin Allah), ora ana pertanda ala, ora ana burung hantu sing nggawa cilaka, lan ora ana wulan Safar sing nggawa sial.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Hadits menika kanthi tegas mbantah panemu yen wulan Safar nggawa kesialan.
Jamaah Jumah rahimakumullah.
Kata wulan Safar asalipun saking tembung Arab صَفَر (Safar) ingkang tegesipun “kosong” utawi “sepi.” Wonten katerangan saking ahli sejarah lan ahli basa Arab ingkang neliti bilih asal-usulipun safar inggih punika:
1. Amargi omah-omah dados kosong.
Nalika jaman Jahiliyah, wulan Safar punika dados wekdal masyarakat Arab medal saking omah kangge perang utawi dagang, amargi wulan-wulan suci (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, lan Muharram) sampun purna. Amargi kathah tiyang tindak adoh, lajeng omah-omah sami kosong.
2. Amargi wulan menika ‘kosong’ saking kesucian.
Sawetara ulama sejarah nyebat bilih wulan Safar punika kosong saking larangan perang. Boten kados wulan suci ingkang dilarang perang (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, lan Rajab), Safar punika wulan umum ingkang boten wonten larangan perang.
3. Amargi tradisi menyerang.
Nalika jaman Jahiliyah, suku-suku Arab remen nindakaken serangan lan perampokan ing wulan menika kangge ngisi malih bandha lan kebutuhan sawise rampung wulan haram. Dados, “Safar” saged dipun tegesi kosonging bondo utawi raos aman.
Hadirin jamaah Jumah rahimakumullah.
Tembung kuncine punika “kosong.” Ampun ngantos wulan Safar menika kita isi kanthi kekosongan amal. Nanging sewangsulipun, sumonggo kita isi kanthi amal saleh ingkang kathah.
Lajeng, punapa kemawon amal ingkang saged kita tindakaken ing wulan Safar menika?
Kaping pisan, sumonggo kita ngambah amal kabecikan, kados ta rawuh jamaah tahlil, istighotsah, lan kegiyatan kebecikan sanesipun. Allah SWT ngendika:
مَنْ جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا
“Sapa wae sing nekani (nglakoni) kabecikan, mesthi bakal oleh ganjaran kaping sepuluh.” (QS. Al-An’am: 160)
Kaping kalih, sumonggo kita ngluberaken sedekah, amargi sedekah saged nyegah bala lan nundhut berkah. Sedekah saged kaleksanan kanthi nyisihaken arta belanja kangge fakir miskin, nyawisaken dhaharan tumrap anak yatim, tetangga kang kekurangan, utawi nyumbang masjid, pesantren, lan lembaga sosial. Rasulullah ﷺ ngendika:
دَاوُوا مَرْضَاكُمْ بِالصَّدَقَةِ
“Obatna wong lara panjenengan nganggo sedekah.” (HR. Al-Baihaqi)
Kaping tiga, sumonggo kita bertaubat lan hijrah saking kabiasaan ala dhateng kabecikan. Sing biasane seneng ngrasanani, ayo ditinggal. Sing biasane maksiat, ayo ditinggal. Sing durung sholat utawa males sholat limang wektu, ayo mulai rajin ibadah.
Jamaah Jumah rahimakumullah.
Sumonggo kita niataken wulan menika dados wiwitan perbaikan gesang. Keranten hijrah punika boten kedah ngentosi wektu sae, nanging kedah dipun tindakake sak cepetipun.
Mekaten khutbah alit menika. Mugi paring manfaat lan dados bekal nambah takwa dhumateng Allah ﷻ, langkung-langkung ing wulan Safar menika. Aamiin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554