Khutbah Jumat Terbaru PDF: Safar, Berkah Bagi yang Taat, Sial Bagi yang Maksiat (B. Jawa)

Ilustrasi Bulan Shafar
Ilustrasi Bulan Shafar

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلهِ وَاسِعِ الْفَضْلِ وَالْاِحْسَانِ، وَمُضَاعِفِ الْحَسَنَاتِ لِذَوِي الْاِيْمَانِ، اَلْغَنِيِّ الَّذِيْ لَمِ تَزَلْ سَحَائِبُ جُوْدِهِ تَسِحُّ الْخَيْرَاتِ كُلَّ وَقْتٍ وَأَوَانٍ، العَلِيْمِ الَّذِيْ لَايَخْفَى عَلَيْهِ خَوَاطِرُ الْجَنَانِ، اَلْحَيِّ الْقَيُّوْمِ الَّذِيْ لَاتَغِيْضُ نَفَقَاتُهُ بِمَرِّ الدُّهُوْرِ وَالْأَزْمَانِ. أَحْمَدُهُ حُمْدًا يَفُوْقُ الْعَدَّ وَالْحُسْبَانِ، وَأَشْكُرُهُ شُكْرًا نَنَالُ بِهِ مِنْهُ مَوَاهِبَ الرِّضْوَانِ.

أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ دَائِمُ الْمُلْكِ وَالسُّلْطَانِ، وَمُبْرِزُ كُلِّ مَنْ سِوَاهُ مِنَ الْعَدَمِ اِلَى الْوِجْدَانِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخِيْرَتُهُ مِنْ نَوْعِ الْاِنْسَانِ، نَبِيٌّ رَفَعَ اللهُ بِهِ الْحَقَّ حَتَّى اتَّضَحَ وَاسْتَبَانَ. أَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْاِحْسَانِ.

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَايَ أَوَّلاً بِتَقْوَى اللهِ تَعَالىَ وَطَاعَتِهِ بِامْتِثَالِ أَوَامِرِهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلا فِي أَنْفُسِكُمْ إِلَّا فِي كِتَابٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَبْرَأَهَا إِنَّ ذَلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang minulyo

Sedoyo puji lan syukur sumonggo kito aturaken dhumateng Allah Swt, kelawan ucapan: alhamdulillâhi rabbil ‘âlamîn. Monggo tansah kita ucapaken minangka wujud raos syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring nikmat lan ganjaran, utaminipun nikmat iman saha nikmat sehat, saéngga kita saged tetep istiqamah anglampahi ibadah lan netepi sedoyo kautaman.

Mugi sedoyo amalan ibadah kita dipun tampi déning Allah Swt, lan mugi kita kalebet golonganipun para kawulo ingkang taat, lan dipun kumpulaken wonten ing swarganipun ingkang kebak nikmat.

Sholawat lan salam, sumonggo kita aturaken dhumateng panutan kita sedoyo, Nabi Muhammad Saw. Allâhumma shalli ‘alâ Muhammad wa ‘alâ âlihi wa shahbih.

Panjenenganipun ingkang sampun paring piwulang dhumateng kita supados ngambah dalan kebenaran lan nebihi kalepatan, tindak kabecikan lan nyingkiri kadurjanan. Mugi Allah paring rahmat lan karahayon dhumateng kulawarga panjenenganipun, para sahabat, lan umatipun sedoyo. Âmîn.

Salajengipun, minangka pambuka khutbah Jumat punika, kawula ingkang kaparingan tugas dados khatib ngajak dhateng awak pribadi, kulawarga, lan para jamaah sedoyo, supados tansah ngudi ketakwaan dhumateng Allah Swt kanthi hakikat takwa ingkang saestu, inggih punika kanthi neglampahi sedoyo ingkang dipun dhawuhi déning Allah, lan ninggalaken sedoyo ingkang dipun larang.

Kenging punapa ketakwaan punika dados prakawis ingkang wigati? Keranten bekal utama tumuju akhirat punika sanes bandha kang akeh, sanes rupa ayu utawi kagungan pangkat, nanging takwa dhateng Allah Swt. Kados pitedahipun Allah ing Al-Qur’an:

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Tegesé: “Ojo lali nggawa bekal, kerono bekal paling becik kuwi ya takwa. Lan padha wedia marang Ingsun (Allah), heh wong-wong sing nduweni akal.” (QS Al-Baqarah [2]: 197)

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat Rahimakumullah

Wonten ing dinten punika, kita sedoyo mlebet ing wulan Safar, wulan kaping kalih miturut penanggalan Hijriyah sasampunipun wulan Muharram. Ing wulan punika, kathah tiyang ingkang gadhah panemu menawi wulan punika nggawa kesialan. Saben tindak tanduk badhe nemu cilaka lan ora bakal sukses.

Panganggitan punika pancen klentu lan boten selaras kaliyan ajaran Islam. Keranten wonten ing ajaran Islam, boten wonten satunggaling wulan ingkang saged maringi cilaka utawa bebaya.

Sedoyo sampun kaparingi déning Allah Swt lan boten wonten satunggal manungsa ingkang saged ngalangi. Allah Swt ngendika:

مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلا فِي أَنْفُسِكُمْ إِلَّا فِي كِتَابٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَبْرَأَهَا إِنَّ ذَلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ

Tegesé: “Saben musibah ing bumi lan ing awakmu dhéwé, kuwi wis ditulis ana ing Kitab (Lauh Mahfuz) sadurunge pancen kelakon. Kuwi gampang tumrap Allah.” (QS Al-Hadid [57]: 22)

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat Rahimakumullah

Ayat punika jelasaken bilih musibah, ujian, lan kesialan dudu amargi wulan tartamtu, termasuk wulan Safar, nanging pancen sampun kaputus lan kaserat wonten ing Lauhul Mahfuzh.

Yèn wonten tiyang ingkang yakin menawi wulan bisa maringi cilaka piyambakan, punika kalebet keyakinan ingkang klentu. Nabi Muhammad Saw ngendika:

لَا عَدْوَى وَلاَ طِيَرَةَ وَلا هَامَةَ وَلاَ صَفَرَ وَفِرَّ مِنَ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنَ الأسَدِ

Tegesé: “Ora ana penyakit menular sing nyebar dhewe (tanpa kehendak Allah), ora ana ramalan ala, ora ana manuk sial, lan ora ana kesialan ana ing wulan Safar. Aja cedhak karo wong sing kena lepra, mlayuo siro koyo digodak asu galak.” (HR Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat Rahimakumullah

Lajeng, kados pundi caranipun supados wulan punika dados berkah lan migunani? Jawabanipun inggih punika kanthi tetep aktif ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Swt. Amargi saben mangsa, wulan, lan wektu ingkang dipun lampahi kanthi ketaatan, punika badhe dados berkah, kalebet wulan Safar.

Wonten ing kitab Lathaiful Ma’arif karya Imam Ibnu Rajab dipun sebat:

فَكُلُّ زَمَانٍ شَغَلَهُ المُؤْمِنَ بِطَاعَةِ الله فَهُوَ زَمَانٌ مُبَارَكٌ عَلَيْهِ وَكُلُّ زَمَانٍ شَغَلَهُ العَبْدَ بِمَعْصِيَةِ الله فَهُوَ مَشْؤُمٌ عَلَيْهِ

Tegesé: “Saben wektu sing ngisi déning wong mukmin kanggo taat marang Allah, wektu kuwi bakal dadi wektu sing berkah. Nanging saben wektu sing dianggo kanggo maksiat marang Allah, wektu kuwi bakal dadi wektu sing cilaka.”

Mila, saged dipun simpulaken bilih sabab utama saking kesialan wulan punika punika awit kathahipun kemaksiatan ing jeronipun. Manawi saben wulan kita lampahi kanthi semangat ningkataken iman lan takwa, mesthi boten badhe wonten wulan kesialan.

Mila, sumonggo kita manfaataken momentum salat Jumat punika minangka wiwitan usaha kita ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Swt, kanthi ngelampahi sedoyo perintah, ngelampahi kewajiban ingkang naté katilar, ninggalaken larangan, saha tobat saking dosa-dosa ingkang sampun kelampahan.

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang kinurmatan Allah

Mekaten khutbah Jumat ingkang nyariyosaken babagan keberkahan wulan Safar tumrap tiyang ingkang taat lan kesialan tumrap tiyang ingkang maksiat. Mugi saged paring manfaat lan berkah dhumateng kita sedoyo, lan mugi kita kalebet dados hamba ingkang istiqamah anglampahi perintah lan nebihi laranganipun. Âmîn yâ rabbal ‘âlamîn.

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الصَّلَاةِ وَالصَّدَقَةِ وَتِلَاوَةِ الْقُرْاَنِ وَجَمِيْعِ الطَّاعَاتِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ.

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik JOIN NOW

Pos terkait