Naskah Khutbah Jumat PDF: Hikmah Maulid Nabi di Tengah Kehidupan Modern (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Maulid Nabi Muhammad SAW
Ilustrasi Maulid Nabi Muhammad SAW

KHUTBAH JUMAT I

الْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ. نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ

وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ. وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَلَّى اللّٰهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ

Bacaan Lainnya

أما بعد، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوصِيكُمْ أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ الْمُقَصِّرَةَ، بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، فَإِنَّهَا وَصِيَّةُ اللهِ لِلْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللهَ ۚ  [النساء: 131] صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Wasiat khutbah, kula ngajak pribadi piyambak ugi dhumateng panjenengan sedaya sumonggo kita usaha ningkataken kadar iman saha takwa dhumateng Allah SWT. Kita buktiaken kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya ingkang dipunlarang. Keranten perlu dipun mangertosi, namung kanthi sangu iman saha takwa, gesang kita ing donya lan akhirat badhe pinaringan slamet.

Jamaah Jum’at rahimakumullah,

Wonten antawisipun wengi-wengi mulya, kathah tiyang nyebat Lailatul Qadar, wengi Isra’ Mi’raj, saha wengi Jum’at. Nanging wonten satunggal wengi ingkang langkung istimewa, yaiku wengi kelairanipun Kanjeng Nabi kita ﷺ, Nabi paling mulya saha panutanipun umat sedaya.

Wengi punika dados wiwitanipun sih-rahmat Allah kang paring pepadhang iman dhumateng manungsa, saking punika medal wahyu ingkang dados rahmat tumrap jagad sedaya.

Tanpa kelairanipun kanjeng Nabi, boten badhe wonten Isra’ Mi’raj. Boten badhe wonten Lailatul Qadar menawi Allah boten paring welas asih dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ.

Wengi kelairanipun Kanjeng Nabi dados wengi paling mulya, mbeto pitedah lan faedah ageng tumrap saben tiyang ingkang eling lan niru dhawuhipun.

Kelairan lan utusanipun Rasulullah ﷺ punika kalebet misi agung kang nglantaraken peradaban donya dhateng langkung becik. Akhlaqipun ingkang mulya dados kanugrahan paling ageng saking Allah tumrap umatipun, kados dene ingkang kacariosaken:

وَمَا خَيَّرَ بَيْنَ أَمْرَيْنِ قَطُّ إِلَّا اخْتَارَ أَيْسَرَهُمَا إِلَّا أَنْ يَكُونَ فِيهِ إِثْمٌ أَوْ قَطِيعَةُ رَحِمٍ فَيَكُونُ أَبْعَدَ النَّاسِ مِنْ ذَلِكَ

“Yen Nabi kaparingan pilihan loro, mesthi milih sing luwih gampang, kajaba yen ana dosa utawa nyebabake putus silaturahim, mula dheweke sing paling adoh saka sing kaya ngono kuwi.”

Jamaah rahimakumullah,

Kanjeng Nabi ﷺ tansah milih kang gampang angger halal, alus lan sabar ngadhepi tiyang sanes, tansah nyapa kanthi salam, netepake keadilan, lan miwiti pasamuan kanthi mesem lan andhap asor. Senajan wonten ing panggonan ibadah, piyambakipun tansah ngajeni tiyang sanes kanthi adab, tawadhu’, lan amanah.

Punikalah akhlaq ingkang kedah kita teladani. Ing tengahing kesibukan, teknologi, lan arus globalisasi, akhlaq Kanjeng Nabi ﷺ dados pepadhang tumrap kita supados tansah nindakaken kabecikan, ngajeni sesami, lan sabar ngadhepi cobaan.

Jamaah ingkang kinurmatan Allah,

Nglestarikaken Maulid Nabi Muhammad ﷺ boten namung ngelingi kelairanipun tiyang agung, lan boten namung upacara seremonial kemawon. Maulid punika dados momentum murubaken malih katresnan kita dhumateng Kanjeng Nabi kanthi cara nyata: nuladani akhlaqipun wonten gesang saben dinten.

Kanjeng Nabi ﷺ sabar sanadyan dipun-olok, jujur wonten ing masyarakat ingkang asring goroh, ramah sanadyan dipunhina, saha adil malah dhumateng mungsuhipun.

Kesabaranipun kacetha nalika dipun idoni tiyang sepuh estri, nanging piyambakipun tansah ndongakaken kabecikan. Kejujuranipun ketingal nalika kaum Quraisy paring gelar al-Amîn, tiyang ingkang dipercaya.

Keramahanipun ketingal nalika bocah cilik nyekel astanipun, piyambakipun boten ngeculake sadurunge bocah kuwi ngeculake. Adilipun ugi kacetha nalika netepake putusan kanthi adhedhasar kebenaran, boten namung kepentingan pribadi.

Allah piyambak paring katrangan bab kemuliaan akhlaq Kanjeng Nabi ﷺ:

وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ

“Lan saktemene kowe (Muhammad) pancen ana ing akhlaq sing agung.” (QS. Al-Qalam: 4)

Rasulullah ﷺ ugi ngendika:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الأَخْلَاقِ

“Saktemene aku diutus mung kanggo nyampurnakake akhlaq sing mulya.” (HR. Ahmad)

Mila, para jamaah, bilih Maulid namung dipunwujudaken kanthi shalawat lan donga, nanging akhlaqipun boten kita gesangaken saben dinten, ateges ruh Maulid punika dereng kita tangkep.

Ing jaman modern kebak godaan materialisme lan individualisme, akhlaq punika dados benteng utama supados gesang kita gadhah makna, gadhah paedah tumrap sesami, saha dados bekal slamet donya akhirat.

Contohen kesabaranipun Kanjeng Nabi wonten ing urusan kulawarga, kejujuranipun nalika dagang lan nyambut damel, keramahane nalika sesrawungan, lan keadilanipun nalika mimpin lan netepake putusan. Punika hakikat nyambut Maulid Nabi: dadosaken akhlaq Rasulullah minangka pepadhang kang nuntun tumindak saben dinten.

Jamaah ingkang kinurmatan Allah, Mila, sumonggo sami junjung luhur akhlaq mulya, ngajeni sesami, lan nyebaraken kabecikan ing pundi kemawon. Dadosaken sedaya tindak-tanduk minangka pratandha katresnan kita dhumateng Kanjeng Nabi ﷺ saha wujud bakti dhumateng Allah ﷻ.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH II

       اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ 

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait