KHUTBAH JUMAT I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيٰوةَ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا ۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُ. أَشْهَدُ أَن لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ مُنْقِذِ الْأُمَّةِ بِرِسَالَتِهِ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ نَالُوا مَرْتَبَةَ الْعُلْيَا بِبَحْرِ جُوْدِهِ وَكَرَمِهِ.
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ، أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ, اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌࣖ ٣٤
Sedaya puji namung kagunganipun Allah, ingkang sampun nglairaké gesang lan pati minangka ujian kanggé kawula-kawula-Nipun. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad ﷺ, ingkang dados tuladha wonten ing nyangga saben musibah kanthi sabar lan tawakal.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ningkataken ketakwaan dhateng Allah kanthi nglampahi sedaya dhawuh-Nipun saha nebihi saben larangan-Nipun. Amargi kanthi takwa, gesang kita badhé gadhah makna, lan pati kita mugi kapungkasan kanthi husnul khatimah.
Jamaah Jumat ingkang kinurmatan Allah,
Wonten ing tanggal 29 September 2025, sakitar wekdal Asar, kita sami kaget keranten wonten sawijining peristiwa tragis ing Pondok Pesantren Al Khoziny Buduran, Sidoarjo, Jawa Timur. Bangunan mushala ambruk kenging atusan santri ingkang sami nglaksanaaken shalat Asar. Akibatipun, langkung saking 60 santri tilar donya ing kedadosan punika.
Pristiwa punika mbukak kasadaran kita: kenging punapa bangunan punika ambruk pas wekdal Asar, boten ing wekdal sanès? Kenging punapa pas mushala kebak jamaah, boten pas kosong? Punapa punika namung kebetulan kemawon?
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Sumonggo kita sareng-sareng muhsabah, angen-angen lantaran musibah punika. Punikalah takdir Allah ingkang kedadosan kanthi caranipun piyambak, cara ingkang misterius, nanging paring piwucalan dhateng manah kita supados tansah emut menawi saben detik punika saged dados wektunipun kita papanggih kaliyan Gusti Allah, lan bilih gesang punika boten wonten jaminan langgeng selawase.
Saking kedadosan ingkang menimpa para santri Pondok Pesantren Al Khoziny punika, wonten kalih hikmah utama ingkang saged kita pundhut.
Sepisan, kita kedah ngakeni menawi sedaya perkawis ing alam jagad punika dumados miturut takdir Allah. Allah ngendika:
إِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنَاهُ بِقَدَرٍ
“Satemene saben prekara wis tak ciptakno manut ukuran (takdir).” (QS. Al-Qamar: 49)
Allah ugi ngendika malih:
وَمَا تَشَاءُونَ إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا
“Lan siro ora bakal bisa kepéngin opo-opo, kajaba yen Allah kepéngin. Satemene Allah iku Maha Ngerti lan Maha Wicaksana.” (QS. Al-Insān / Ad-Dahr: 30)
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Pati, musibah, lan kecelakaan punika kalebet saking ‘qadar’, inggih punika prekara ingkang sampun katetepaken dening Allah wonten ing ilmu ghaib-Nipun. Kita minangka makhluk boten mangertos kapan, ten pundi, lan kados pundi takdir punika bakal nemoni kita.
Lajeng, kenging punapa bangunan Pondok punika boten ambruk sakderengipun shalat? Kenging punapa boten nalika mushala sepi? Kenging punapa pas para santri sami sujud shalat Asar?
Ing ngrikilah, wonten hikmah saking takdir: Allah milih wekdal ingkang paling sae. Kita menungsa anamung saget ningali sekilas mawon; nanging Allah ingkang Maha Ngertos, milih wekdal paling saé miturut Allah SWT.
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Perlu kita emut bilih manawi Allah badhé nyabut nyawanipun tiyang, Allah saged nindakaken punika ing pundi kemawon — wonten ing griya, ing dalan, utawi ing papan sepi. Nanging nalika Allah nindakake takdir-Nipun wonten ing papan ingkang rame, punika sanes amargi Allah “boten gadah akal”, nanging amargi Allah kepéngin nglatih, mendidik, lan ngélingaké kita saking kalalen.
Kita asring nyumurupi wonten tiyang séda nalika shalat, nalika makarya, nalika tilem, utawi bahkan nalika dolan. Punika sedaya sebagian saking ketetapan ilahi. Kita namung nyumurupi lan mundhut pelajaran: gesang punika ringkih lan kebak kahanan ingkang boten pasti.
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Hikmah kaping kalih, tragedi ambrukipun bangunan pesantren punika minangka pèsen Allah dhateng kita sedaya, minangka pangéling supados tansah éling kaliyan pati lan nyiapaken bekal kanggé akhirat. Allah ngendika:
قُلْ إِنَّ الْمَوْتَ الَّذِي تَفِرُّونَ مِنْهُ فَإِنَّهُ مُلاَقِيكُمْ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ
“Ngomonga: satemene pati sing siro pada mlayu saka iku, bakal ketemu karo siro. Banjur siro bakal bali marang Allah sing ngerti sing ora katon lan sing katon, banjur bakal ngandhani siro bab apa sing wis siro lakoni.” (QS. Al-Jumu‘ah: 8)
Lan Nabi ﷺ ugi ngandikakaken supados kita asring éling kaliyan pati, supados manah boten kesirep dening kenikmatan donya:
أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ
“Akeh-akhea éling marang pemutus kenikmatan, yaiku pati.” (HR. Tirmidzi)
Nabi ﷺ ugi dhawuh bilih tiyang ingkang paling wicaksana punika tiyang ingkang paling asring éling pati lan paling sae nyiapaken bekal akhiratipun.
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Saking punika, wonten kesimpulan ingkang saget kita pundhut:
- Pati saged dugi kapan kemawon, tanpa paring kabar. Dinten menika sehat, benjing saged pejah. Musibah ing Al Khoziny ngemutaken bilih boten wonten jaminan wekdal gesang punika.
- Mpun ngantos nunda amal saé. Yen tansah ngendika “mengko wae”, “sesuk wae”, saged ugi kita kedisikan dipun pundhut kalih Allah.
- Kiataken hubungan kita kaliyan Gusti Allah lan sesami: kanthi donga, sedekah, silaturahmi, lan paring pangapuro.
- Mpun ngantos wedi mati; nanging wehio yen mati tanpa bekal. Donga supados Gusti Allah nutup urip kita kanthi husnul khatimah.
Hadirin Jamaah Rahimakumullah,
Sumangga kita dadosaken pristiwa punika minangka tandha, pangéling, lan papan introspeksi kanggé kita sedaya, supados boten kesirep déning donya, boten lalai, lan tansah ngudi kabecikan ngantos tekan pungkasan ingkang sae.
Mugi para santri ingkang sampun séda kaparingi papan ingkang paling mulya kalebet golongan wong-wong mukmin, lan mugi kulawarganipun ingkang kapundhut diparingi kasabaran, katabahan, lan ganjaran ingkang langkung saé saking Allah. Amin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ وَاشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُولُهُ وَ حَبِيبُهُ وَ خَلِيلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تسْلِيْمًا كَثِيرًا.أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُورِ وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجَمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَ اعْلَمُوا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، و قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ. أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ, بسم الله الرحمن الرحيم. اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد وَ عَلَى آل سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وعلى آل سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. وَارْضَ اَللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاء الرَّاشِدِيْنَ سَادَاتِنَا اَبِي بَكْرٍ وعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَحَابَةِ والتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِينَ وَ الْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِي الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبَنَا غِلَّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنِ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَ إِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدُكُمْ وَ لَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ واللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554