Materi Khutbah Jumat Singkat PDF NU Online: Inilah Keutamaan Menjaga Wudhu (Bahasa Jawa)

foto orang berwudhu
foto orang berwudhu

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك.

وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: ۚإِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِينَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِينَ

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Ing dinten ingkang mulya menika, khatib ngajak dhumateng para jamaah sedaya supados tansah muji dhumateng Allah SWT lan ngaturaken shalawat dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, sarta tansah njaga lan nambahi ketakwaan dhumateng Allah SWT.

Mugi-mugi kanthi ketakwaan punika, kita kaparingan dalan metu saking saben prakawis ingkang angel, lan dipun paringi rezeki saking panggonan ingkang boten kenging dipun sangka, kados pangandikanipun Allah ing Al-Qur’an surat At-Talaq ayat 2 lan 3:

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا * وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ

Artosipun: “Sapa wae wong sing padha wedi marang Allah, mesthi Allah bakal maringi dalan metu kanggo dheweke, lan bakal maringi rezeki saka panggonan sing ora disangka-sangka.” (QS. At-Talaq: 2–3)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Kados sampun sami kita mangertosi, bilih sah utawi botenipun shalat gumantung saking sah utawi botenipun wudhu. Yen wudhu kita boten sah, otomatis shalatipun ugi boten sah.

Mula saking punika, wigatos sanget kangge kita tansah tliti nalika wudhu, aja nganti wonten perkawis ingkang ndadosaken wudhu kita boten sah, saéngga saged mengaruhi sahé shalat kita.

Sasampunipun kita tliti ing wudhu, wonten amalan ingkang gadhah kautamaan ageng inggih punika njaga wudhu. Senajan njaga wudhu kanthi terus-terusan boten wajib, nanging wonten ganjaran lan kesunnahan ing jeroning amalan punika.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Njaga wudhu punika salah satunggaling ciri tiyang mukmin sejati, kados ingkang kacariosaken wonten ing hadist Kanjeng Nabi ﷺ:

عَنْ ثَوْبَانَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اسْتَقِيمُوا وَلَنْ تُحْصُوا وَاعْلَمُوا أَنَّ خَيْرَ أَعْمَالِكُمْ الصَّلَاةَ وَلَا يُحَافِظُ عَلَى الْوُضُوءِ إِلَّا مُؤْمِنٌ

Artosipun: “Saka Tsauban, dheweke ngendika: Rasulullah ﷺ dawuh, ‘Tetepo ing dalan sing lurus, nanging siro ora bakal bisa ngetung kabecikané. Ngertio, amalan sing paling utama yaiku shalat, lan ora ana sing njaga wudhu kajaba wong mukmin.’” (HR. Ibnu Majah)

Hadist punika nerangake bilih boten wonten tiyang ingkang tansah njaga wudhu kejawi tiyang mukmin. Tegesipun njaga wudhu inggih punika tansah nganyaraken wudhu nalika rumangsa batal utawi kenging hadats.

Lajeng, punapa njaga wudhu punika nate dipun tindakaken déning tiyang-tiyang sadèrèngipun kita? Kanjeng Nabi ﷺ nate nyariosaken, nalika piyambakipun dipun sumerapi swarga, piyambakipun krungu swara sandalipun Bilal.

Bilal punika salah satunggaling Sahabat ingkang tansah nglestarèkaké wudhu. Kacariyosaken wonten ing hadist riwayat Al-Hakim:

Artosipun: “Wonten Ing sawijining dinten, Rasulullah ﷺ nyeluk Bilal lan ngendika: ‘Wahai Bilal, amal apa sing nggawe siro ndhisiki aku mlebu swarga? Bengi wingi aku mlebu swarga lan krungu swara sandalmu ana ing ngarepku.’ Bilal njawab: ‘Wahai Rasulullah, saben kulo adzan mesthi kulo shalat kaleh rakaat, lan saben kulo kenging hadats, kulo langsung wudhu lan shalat kaleh rakaat.’ Rasulullah ﷺ ngendika: ‘Amarga amalan iki, siro ndhisiki aku mlebu swarga.’” (HR. Al-Hakim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Sampun dados kawruh kita sedaya, bilih wudhu punika bagéyan saking ibadah, saéngga wonten ganjaranipun kagem tiyang ingkang tansah njaga wudhu, sanadyan piyambakipun wudhu boten amargi badhé shalat.

Kados ingkang dipun aturaken déning Syekh Badruddin al-‘Ayni wonten ing ‘Umdatul Qari jilid kaping pisan, kaca 59, ngendika makaten:

إِنَّ الْوضُوء عبَادَة وَإِن لم يُصَلِّ بِهِ

Artosipun: “Satemene wudhu iku kalebu ibadah, senajan ora kanggo shalat.”

Lajeng Imam at-Tirmidzi nate nyariosaken hadist kanthi sanad dha’if wonten ing Sunan-ipun:

مَنْ تَوَضَّأَ عَلَى طُهْرٍ كَتَبَ اللَّهُ لَهُ بِهِ عَشْرَ حَسَنَاتٍ

Artosipun: “Sapa sing wudhu nalika isih suci, Allah bakal nulis kanggo dheweke sepuluh kabecikan.” (HR. at-Tirmidzi)

Saking mriki saged kita tampi bilih saben tumindak wudhu, senadyan boten kanggo shalat, tetep kagolong amal ibadah ingkang pikantuk ganjaran.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Salah satunggaling paédah ageng saking njaga wudhu yaiku ngindari godhan lan gangguan saking setan. Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:

إِنَّ الْغَضَبَ مِنْ الشَّيْطَانِ وَإِنَّ الشَّيْطَانَ خُلِقَ مِنْ النَّارِ وَإِنَّمَا تُطْفَأُ النَّارُ بِالْمَاءِ فَإِذَا غَضِبَ أَحَدُكُمْ فَلْيَتَوَضَّأْ

Artosipun: “Satemene nesu iku saka setan, lan setan iku digawe saka geni. Dene geni iku bisa dipateni nganggo banyu. Mula yen salah siji saka siro nesu, wudhua.” (HR. Abu Dawud)

Imam al-Bujairami nerangaken wonten ing Tuhfatul Habib ‘ala Syarhil Khathib jilid kapisan, kaca 179, bilih nalika manungsa ngraos nesu, kados ing hadist wau, prayoga enggal njupuk wudhu kanthi sampurna kados dene wudhu badhé shalat, amargi wudhu saged nentremaken atine.

Kajawi saking punika, wudhu ugi saged dados sarana panghapus dosa. Kanjeng Nabi ﷺ ngendika, kados ing hadist riwayat Imam Ahmad ing Musnad-ipun:

إِذَا تَوَضَّأَ الْمُسْلِمُ ذَهَبَ الإِثْمُ مِنْ سَمْعِهِ وَبَصَرِهِ وَيَدَيْهِ وَرِجْلَيْهِ

Artosipun: “Yen wong Islam wudhu, dosa-dosane bakal ilang saka pangrungune, paningale, tangané, lan sikilé.” (HR. Ahmad)

Ugi wonten ing hadist riwayat Imam Muslim, Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:

مَنْ تَوَضَّأَ فَأَحْسَنَ الْوُضُوءَ خَرَجَتْ خَطَايَاهُ مِنْ جَسَدِهِ حَتَّى تَخْرُجَ مِنْ تَحْتِ أَظْفَارِهِ

Artosipun: “Sapa wae sing wudhu lan nyampurnakake wudhune, dosa-dosane bakal metu saka awake nganti metu saka ngisor kukune.” (HR. Muslim)

Mila, saben wudhu ingkang kita lampahi boten namung resik ing jasmani, nanging ugi nyucèkaken atine lan nyirnakaken dosa-dosa alit ingkang nate katindak.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT.

Menawi kita renungi hikmahipun, nalika manungsa badhé sowan dhumateng raja, mesthi piyambakipun nyiapaken raga kanthi resik lan rapi, supados pantes wonten ngarsanipun sang raja. Mangka langkung malih, nalika manungsa badhé ngadhep Allah SWT, mesthi kedah wonten ing kahanan resik, suci, lan prayogi dipun tingali.

Wudhu punika dados washilah utawa sarana supados tiyang Islam tansah eling lan siyap ngadhep Gusti, tanpa rasa males lan ora semangat. Nalika manungsa nyentuh banyu, rasa ngantuk lan kemalasan punika sirna, saéngga shalat saged katindak kanthi khusyuk lan tumemen.

Hikmah njaga wudhu kanthi terus-menerus, nganti nalika batal langsung nganyarake malih, nuduhake bilih kita sadar menawa atine asring kotor lan butuh disucèkaké. Allah tansah nyawang lan ngawasi hamba-hambane saben wektu, mila boten pantes manungsa tetep ana ing kahanan tanpa wudhu nalika tansah ana ing pangawasanipun Gusti.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun muliaaken Allah SWT. Mugi sedaya piwulang babagan keutamaan njaga wudhu punika saged kita laksanani saben dinten. Mugi dosa-dosa kita tansah dipun ngapunten déning Allah Ta’ala, lan gesang kita tansah kaparingan keberkahan, amin ya Rabbal ‘alamin.

 بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

KHUTBAH KEDUA

  الْحَمْدُ لِلَّهِ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلَّهِ. أَشْهَدُ أنْ لآ إلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيّ بعدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ. 

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ  اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik JOIN NOW

Pos terkait