KHUTBAH JUMAT I
اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَوَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِعِيْنَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَإِنَّهَا زَادُ الْمُتَّقِيْنَ وَسَبِيْلُ النَّاجِيْنَ
يَقُوْلُ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ (سورة آل عمران: ١٠٢)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ningkataken ketakwaan dhateng Allah ﷻ kanthi sejatine taqwa, kanthi tansah nglampahi sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya pamedharing larangan-Nipun. Amargi kanthi taqwa punika, kita badhé pinaringan kaslametan ing donya saha akhirat.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Sapunika kita gesang ing jaman ingkang kebak fitnah lan cobaan. Jaman ing ngendi iman tansah kacoba kanthi rupa-rupa cara — kalebet bandha, jabatan, kesenengan, malah ugi déning paham lan ideologi ingkang nyasaraké.
Ing wekdal pungkasan jaman, Rasulullah ﷺ sampun paring pepeling bilih ngreksa iman punika kados wong nggenggem geni bara.
Panjenenganipun dawuh:
عَنْ أَنَسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللهِ ﷺ: يَأْتِي عَلَى النَّاسِ زَمَانٌ الصَّابِرُ فِيهِمْ عَلَى دِينِهِ كَالْقَابِضِ عَلَى الْجَمْرِ
Artosipun: “Bakale teka marang manungsa sawijining jaman, ing ngendi wong sing sabar njaga agamane kuwi kaya wong sing nggenggem geni bara.” (HR. Tirmidzi)
Cobi kito tingali, kados pundi abotipun ngreksa iman ing pungkasan jaman punika!
Kathah tiyang ingkang biyen sregep ngibadah, sakmenika dados kendor lan sembrana kaliyan shalate.
Kathah ingkang biyen zuhud, sakmenika kapikat déning kemewahaning donya.
Kathah ingkang biyen jujur, sakmenika keseret déning tipu daya kedonyan.
Jamaah ingkang pinaringan rahmat Allah,
Allah ﷻ sampun paring pitedah lumantar Al-Qur’an supados kita boten guncang lan boten keseret déning godaaning donya.
Firmanipun Allah ﷻ:
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Artosipun: “Mulané tetepa ing dalan kang bener kaya sing wis didhawuhake marang siro lan wong-wong sing wis tobat bebarengan karo siro, lan aja nganti ngluwihi wates. Temenan Allah iku mirsani apa sing koklakoni.” (QS. Hud: 112)
Keteguhan iman punika boten namung ngucapaken kanthi lesan, nanging kedah kabuktèkaken lumantar laku tumindak lan istiqomah.
Boten cekap namung ngendika “kula iman,” nanging kedah njaga iman punika saking godaan hawa nafsu, tipu daya dunya, lan rayuané setan.
Sumangga kita éling dhateng kisahipun Ashabul Kahfi — para nom-noman ingkang iman dhateng Allah.
Sanajan gesang ing tengahing masyarakat kafir, piyambakipun tetep teguh njaga tauhid nganti gelem ndhelik ing guwa.
Allah ﷻ ngandika:
إِنَّهُمْ فِتْيَةٌ آمَنُوا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنَاهُمْ هُدًى
Artosipun: “Temenan wong-wong iku para nom-noman sing padha iman marang Pangerane, banjur Aku tambahaké marang dheweke petunjuk.” (QS. Al-Kahf: 13)
Piyambakipun boten namung ngendika “kula iman,” nanging mbuktèkaké imane kanthi keteguhan lan pengorbanan. Mangkono ugi kedahipun kita ing jaman sakmenika — jaman ingkang kebak syubhat lan fitnah.
Jamaah ingkang kinurmatan Allah,
Ngreksa iman ing pungkasan jaman punika tegesipun:
Ngreksa ibadah kanthi istiqamah, aja ninggal shalat senajan repot.
Ngreksa lesan saking dusta lan fitnah, keranten dosa lesan saged ngilangaké amal.
Ngreksa ati saking riya, ujub, lan tresna donya.
Ngreksa kulawarga saking pengaruh elek media lan pergaulan bebas.
Allah ﷻ ngandika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
Artosipun: “He wong-wong sing padha iman! Jaganen awakmu lan keluargamu saka geni neraka.” (QS. At-Tahrim: 6)
Sedaya sedherekku ingkang pinaringan rahmat Allah,
Wektu akhir jaman punika wekdal ing ngendi kabeneran dianggep salah, lan kesalahan dianggep bener.
Rasulullah ﷺ sampun paring dawuh:
سَيَأْتِي عَلَى النَّاسِ سَنَوَاتٌ خَدَّاعَاتٌ يُصَدَّقُ فِيهَا الْكَاذِبُ وَيُكَذَّبُ فِيهَا الصَّادِقُ، وَيُؤْتَمَنُ فِيهَا الْخَائِنُ وَيُخَوَّنُ فِيهَا الْأَمِينُ، وَيَنْطِقُ فِيهَا الرُّوَيْبِضَةُ. قِيلَ: وَمَا الرُّوَيْبِضَةُ؟ قَالَ: الرَّجُلُ التَّافِهُ يَتَكَلَّمُ فِي أَمْرِ الْعَامَّةِ
Artosipun: “Bakale teka jaman sing kebak tipuan, wong sing goroh dipercaya, wong sing jujur malah didustakake, wong khianat dipercaya, wong sing amanah malah dikhianati. Lan wektu kuwi wong bodho sing bakal ngomong bab urusan umum.” (HR. Ibnu Majah)
Mulané, aja mung ngikuti arus! Dadiho siro kabeh wongkang teguh, senajan wong liya padha nyimpang. Dadiho siro kabeh kaya watu karang ing tengahing gelombang fitnah sing nggegirisi. Amarga Allah tresna marang hamba-hamba-Nipun sing kokoh lan istiqamah.
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah,
Sumangga kita tansah ngintrospeksi dhiri, sampun ta kita ngreksa iman kanthi saestu?
Sampun ta kita istiqamah ing ibadah, jujur ing amal, sabar ing ujian?
Elinga, iman punika padhangé Allah ingkang kedah dijaga — boten namung wonten ing manah, nanging ugi ing laku lan akhlak. Mugi-mugi Allah ﷻ tansah ngetetepaké manah kita ing dhuwur keimanan ngantos pungkasaning urip. آمِين.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلَى رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا،
أَمَّا بَعْدُ. فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، إِتَّقُوااللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى، يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلٰيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَاللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554




