Khutbah Jumat Bikin Sedih: Pelajaran dari Banjir Aceh dan Sumatera (Bahasa Jawa)

Kondisi Banjir di Aceh dan Sumatera
Kondisi Banjir di Aceh dan Sumatera

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيَ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَاتَّقُوْهُ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ الْمُصِيبَاتِ الَّتِي تَنْزِلُ بِالنَّاسِ إِنَّمَا هِيَ ابْتِلَاءٌ وَاخْتِبَارٌ مِنَ اللّٰهِ سُبْحَانَهُ، يُمَحِّصُ بِهَا الذُّنُوْبَ، وَيَرْفَعُ بِهَا الدَّرَجَاتِ، وَيُذَكِّرُ عِبَادَهُ بِفَنَاءِ الدُّنْيَا وَحَاجَتِهِمْ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

فَقَالَ اللهُ تَعَالَ: وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ. أيها المسلمون، فَاصْبِرُوا وَارْجِعُوا إِلَى اللّٰهِ فِي كُلِّ مُصِيبَةٍ، فَإِنَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ

Hadirin jamaah jum‘ah rahimakumullah,

Sedaya puji namung kagunganipun Allah, Gusti Pangeran penguwaosing alam jagad. Allah ingkang ngatur bab gesang lan pati, kabagyan lan musibah, udan ingkang tumurun lan kali ingkang mili. Sumanoggo kito sami muji lan nyuwun pitulungan saha pangapuntenipun. Kita ugi nyuwun pangayoman dhumateng Allah saking kalepataning jiwa lan tumindak kita.

Sinten kemawon ingkang dipun paringi pituduh dening Allah, mesthi boten bakal kesasar. Lan sinten ingkang disasarke dening Allah, boten wonten satunggal kemawon ingkang saged paring pituduh.

Hadirin jamaah jum‘ah rahimakumullah,

Nembe mawon bangsa kita dipun uji malih dening Allah ﷻ. Banjir bandang, longsor, lan karusakan ingkang ageng sanget njalari sangsara wonten Aceh, Sumatera Utara, lan Sumatera Barat. Griya kathah ingkang keseret arus, jembatan ambrol, tegalan lan kebonan kasaput lempung, malah nyawa para sedherek kita ugi kathah ingkang tilar donya.

Wonten salebeting musibah ingkang abot punika, tiyang mukmin boten kenging mandheg namung ing rasa sedhih kemawon. Kita kedah saged mendet piwulang, maos pratandha lan dhawuh alus saking Allah ingkang kapendem wonten salebeting kedadosan punika.

Allah ﷻ ngendika:

وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍ

Artosipun: “Lan musibah apa wae sing nimpakake siro kuwi amarga tumindake tanganmu dhewe, lan Allah ngapura marang kesalahan siro.” (QS. Asy-Syura: 30)

Musibah punika boten namung bencana alam, nanging pepeling alus saking Allah supados manungsa saged bali marang Allah SWT.

Hikmah sepindah: Allah kersa kita eling bilih donya punika ringkih

Griya ingkang kita bangun taun-taun saged sirna namung itungan menit. Bandha donya ingkang kita kumpulake saged hanyut ing sakedhap. Allah maringi pepeling bilih boten wonten ingkang dados duwek sejati kejawi amal saleh kita.

Rasulullah ﷺ dhawuh:

عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ، إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ لَهُ خَيْرٌ

Artosipun: “Gumun temen urusane wong mukmin, kabeh perkara sing nimpakake dheweke kuwi apik kanggo dheweke.” (HR. Muslim)

Musibah dados prayoga menawi saged ndadosaken kita eling, bali sujud, lan asring ngucap istighfar.

Hikmah kaping kalih: Allah nyobi kersaning solidaritas lan rasa tepa slira

Nalika Aceh, Sumatera Utara, lan Sumatera Barat nangis, satuhu sedaya kaum Muslimin prayogi rumangsa nyeri ing sajroning manah.

Rasulullah ﷺ ngendika:

الْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا

Artosipun: “Wong mukmin karo mukmin liyane kuwi koyo bangunan; siji bagéan nguataké bagéan liyane.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Musibah punika dados ladang amal ingkang wiyar: ngirim bantuan, paring sedekah, ndongakake korban, nulungi relawan, lan nglipur kaluwarga ingkang kelangan.

Hikmah kaping tiga: Pepeling supados njagi alam titahipun Allah

Karusakan lingkungan, penebangan alas sembarangan, pembangunan tanpa tatanan, lan serakahing manungsa asring dados sebabipun banjir ageng. Alam punika dudu kagungan kita, nanging amanah saking Allah.

Allah ngendika:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ

Artosipun: “Wis katon kerusakan ing darat lan laut amarga ulahé tangané manungsa.” (QS. Ar-Rum: 41)

Musibah punika pepeling supados kita owah, boten namung sedhih. Njagi lingkungan kalebet bagian saking iman.

Jamaah ingkang kinurmatan Allah,

Wonten salebetipun musibah mesthi wonten rahmat. Mbok menawa Allah kepengin ngilangi dosa-dosa kita, ngiyataken paseduluran, maringi pepeling supados bali marang Panjenenganipun, lan maringi piwulang bilih gesang ing donya punika sementara.

Rasulullah ﷺ dhawuh:

مَنْ يُرِدِ اللّٰهُ بِهِ خَيْرًا يُصِبْ مِنْهُ

Artosipun: “Sapa wae sing dikersani becik karo Allah, mesthi bakal diwenehi musibah.” (HR. Bukhari)

Hadirin jamaah jum‘ah rahimakumullah,

Mugi-mugi musibah punika dados momentum taubat nasional, taubat kulawarga, lan taubat pribadi. Mpun ngantos supe ngucap istighfar langkung kathah, peparek dhateng Allah, mbenerake shalat, ndandani hubungan antarane manungsa, saha nglumpukake amal kebecikan.

Allah ﷻ ngendika:

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا ۝ يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا

Artosipun: “Mula dak kandhani: ‘Nglakonana istighfar marang Pangeranmu, temen Allah Maha Pangapura. Mesti pengeran bakal ngedhunaké udan sing deres marang siro.’” (QS. Nuh: 10–11)

Istighfar marakaké rahmat, dudu bebendu.

Hadirin jamaah jum‘ah rahimakumullah,

Mugi-mugi khutbah punika saged njurung kita saya cedhak kaliyan Allah SWT. Muga gesang kita tansah wonten ing pitedahipun Allah SWT.

Pungkasanipun, sumangga kita aturaken donga ingkang paling sae kanggé para sedherek kita ing Aceh, Sumatera Utara, lan Sumatera Barat:

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لَهُمْ، وَارْحَمْهُمْ، وَثَبِّتْ قُلُوْبَهُمْ، وَاخْلُفْ لَهُمْ خَيْرًا مِمَّا فَقَدُوْا

Artosipun: “Ya Allah, ngapura marang wong-wong mau, welasana, tetepna atiné, lan gantia nganggo sing luwih apik saka sing wis padha kelangan.” Amin ya Rabbal Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait