Khutbah Jumat PDF Menyentuh Hati: Saat Hati Diuji Kesedihan (B. Jawa)

ilustrasi muslim yang sedih
ilustrasi muslim yang sedih

KHUTBAH JUMAT I

الْحَمْدُ لِلهِ، الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْإنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَان، الَّذِيْ جَعَلَ الْعِلْمَ سَبَبَ لِصِحَّةِ الْإِسْلَامِ وَالْإِيْمَانِ أَشْهَدُ أَنْ لآإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْحَلِيْمُ الْمَنَّا ن، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ أَظْهَرَ ألدِّيْنَ الْحَقِّ عَلَى السَّا ئِرِ الْعَدْيَان، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ الْعَدْنَان، وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُمْ بِإِحْسَا نٍ إِلَى يَوْمِ يُحْشَرُ الْإِنْسَا

أمَّا بَعْدُ، فَيَآأَيُّهَا الْإِخْوَان، رَحِمَكُمُ الله، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْن، قَالَ اللهُ تَعَلَى: أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ، وَلاَ تَهِنُوا وَلاَ تَحْزَنُوا وَأَنتُمُ الأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ (ال عمران: ١٣٩)ـ

Bacaan Lainnya

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Satemene punika kalebet nikmat ingkang boten wonten tandhingipun nalika kita dipun paringi kasempatan kalian Gusti Allah kangge ngelampahi shalat Jumat punika. Amargi kathah sanget kanugrahan ingkang kita tampi kanthi rawuh wonten ing masjid menika.

Ing antawisipun, kaestokanipun petunjuk supados tansah tumindak ingkang sae, saha kesehatan ingkang paring saged kita tetep gadhah kekiyatan kangge ngelampahi kabecikan kanthi pancaindera ingkang sampurna. Mugi-mugi sedaya nikmat punika tansah kaestokan dumugi pungkasaning gesang, amin ya rabbal alamin.

Kula ugi ngajak dhiri kula piyambak lan para jamaah supados tansah ningkataken takwallah kanthi ngelampahi dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya ingkang dilarang. Menawi punika saged kaleksanan, insyaAllah kita badhe selamet dunyo lan akhirat benjang. Amin

Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan,

Wonten kesempatan menika khatib badhe ngemutaken bilih susah punika sampun dados tatananing manungsa. Boten wonten satunggaling manungsa ingkang saged uwal saking rasa sedih, termasuk para nabi lan para rasul ugi ngeraosaken sedih.

Sinten kemawon mesthi nate krasa sedih. Nabi Ya‘kub sedih amerga kelangan Nabi Yusuf ‘Alaihis Salam, Nabi Nuh ‘Alaihis Salam sedih amerga kelangan putra lan garwanipun.

Malih, Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam ugi nate sedih nalika kelangan garwa lan paman ingkang dipun tresnani, Abu Thalib, saéngga wekdal menika sinebat ammul huzni utawi taun sedih.

Nanging, sedihipun para nabi lan rasul punika mboten naté ngluwihi watès lan mboten nglemahaken iman. Punika béda kaliyan tiyang kathah ingkang asring mboten mangertos watesing rasa sedih, ngantos larut sanget ing gundah, ngantos paring owah budi pekerti.

Biasanipun ingkang kados makaten punika tiyang ingkang batinipun garing, agaminipun ringkih, lan pemahamanipun kirang, nanging pangajeng-ajeng lan pepenginipun ageng sanget. Mila nalika barang ingkang dipun tresnani punika ilang, piyambakipun kados-kados boten gadhah tumpuan.

Wonten ingkang menjerit, stres, depresi, nganti putus asa lan bunuh diri.

Saking sisih psikologis, raos sedih punika kalebet emosi ingkang dipun tandhai rasa boten bejo, kelangan, lan boten saged nindakaken punapa-punapa.

Nalika sedih, manungsa asring dados langkung meneng, kurang semangat, lan nyepeng dhiri. Gusti Allah Subhanahu Wa Taala maringi motivasi dhumateng tiyang ingkang beriman lumantar dawuh-Nya:

وَلاَ تَهِنُوا وَلاَ تَحْزَنُوا وَأَنتُمُ الأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ

Artosipun: “Aja padha ringkih lan aja padha sedhih, awit kowe iku sing paling dhuwur derajate yen kowe wong-wong sing iman.” (QS. Ali Imran [3]: 139).

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Syekh Imam Nawawi Al-Bantani wonten kitab Nashaihul Ibad ngendika:

هَمُّ الدُّنْيَا بِظُلْمِ القَلْبِ وَهَمُّ الآخِرَةِ بِنُوْرِ القَلْبِ

Artosipun: “Susah amarga urusan dunya iku nggawe ati peteng, dene susah amarga akhirat iku nggawe ati padhang.”

Kesedihan amargi sandhang, pangan, papan, utawi pasangan, menawi boten dipun walesi kanthi ikhtiar, syukur, sabar, qana‘ah lan tawakal, mesthi namung ndadosaken ati saya gundah. Ati saged peteng lan ndadosaken tiyang tumindak maksiat.

Kosok balinipun, sedhih amargi bab-bab ukhrawi badhe ndadosaken ati saya resik, padhang, lan dipun sumoroti akhlak mulia. Sedhih bab akhirat badhe dipun mangertosi minangka ujian lan pepeling tumrap saben kawulo. Piyambakipun badhe sibuk mikir, kados pundi caranipun ningkataken ibadah, baik niku secara kualitas utawi kuantitas.

Tiyang ingkang sedhih mikir akhirat badhe luwih asring éling mati (tadzkiratul maut), nyempurnakaken shalat, sering puasa, mantap dzikir lan nambah sedekah, lan ngatahaken doa utamining shalawat naliko kenging musibah.

Tafsir ayat-ayat babagan hazan (kesedihan) nerangaken yèn sebab-sebab sedhih punika antawisipun: Tebih saking Allah. Dosa kemaksiatan. Lan boten saged nindakaken kabecikan. Selajeng pripun Solusi Islam ngilangaken sedhih?

1. Aja Sedhih, Allah Tansah Bebarengan Karo Kita

لَا تَحْزَنْ اِنَّ اللّٰهَ مَعَنَاۚ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلَيْهِ وَاَيَّدَهٗ بِجُنُوْدٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِيْنَ كَفَرُوا السُّفْلٰىۗ 

Artosipun: “Aja sedhih, saktemene Allah ana bebarengan karo awake dhewe. Banjarna Gusti Allah paring ketenangan lan pitulungan prajurite para malaikat, lan ndadosake wong kafir banget asor.” (QS. At-Taubah: 40).

Boten wonten kedadosan lan sedhih kajaba kanthi izin Allah SWT. Nalika Gusti maring takdir kang ndadosake kita sedhih, yakinana bilih Allah tansah nyarengi kita.

2. Al-Qur’an Dados Pedoman

قُلْنَا اهْبِطُواْ مِنْهَا جَمِيعاً فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُم مِّنِّي هُدًى فَمَن تَبِعَ هُدَايَ فَلاَ خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلاَ هُمْ يَحْزَنُونَ

Artosipun: “Mudhunana kowe kabeh saka swarga. Yen ana petunjuk-Ku, sapa sing ngetutake petunjuk-Ku, ora ana wedi lan ora bakal sedhih.” (QS. Al-Baqarah [2]: 38).

3. Ngetutake Jejak Para Nabi (Ittiba’)

يَا بَنِي آدَمَ إِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي فَمَنِ اتَّقَى وَأَصْلَحَ فَلاَ خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلاَ هُمْ يَحْزَنُونَ

Artosipun: “He anak-anak Adam, yen para rasul teka gawe maca ayat-ayat-Ku, sapa sing taqwa lan ndandani diri, ora ana wedi lan ora sedhih.” (QS. Al-A’raaf [7]: 35).

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,

Kathah piwulang para nabi, mliginipun Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam ingkang nglantaraken kita dhateng ketakwaan, kalebet amalan ngilangake sedhih.

Salah satunggaling amal ingkang gampang dipun lampahi inggih punika ngatah-ngatahaken maos istighfar lan donga dhumateng Allah SWT.

 مَنْ لَزِمَ الِاسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللَهُ لَهُ مِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجًا، وَمِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجًا، وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ

Artosipun: “Sapa sing ngelestarekake istighfar, Allah bakal maringi dalan metu saka saben kesulitan, maringi kelonggaran saka saben kesempitan, lan maringi rezeki saka dalan sing ora disangka-sangka.” (HR Abu Dawud dll.)

Mugi-mugi kanthi ngatah-ngatahaken istighfar lan donga punika, raos sedhih ing dhiri, kulawarga, lan lingkungan kita saged sirna. Amin.

      جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَا ئِزِيْنَ الْآمِنِيْنَ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ الصَّا بِرِيْن. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ، إِنَّ الْإِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوعًا (١٩) إِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوعًا (٢٠) وَإِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوعًا (٢١) إِلَّا الْمُصَلِّينَ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّا حِمِيْنَ

KHUTBAH II

   اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُثُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ اْلقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَاأَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ، وَقاَلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: اتَّقِ اللَّهِ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعْ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذلِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait