KHUTBAH JUMAT PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ نَوَّرَ قُلُوْبَ أَوْلِيَائِهِ بِأَنْوَارِ الْوِفَاقِ، وَرَفَعَ قَدْرَ أَصْفِيَائِهِ فِيْ الْأَفَاقِ، وَطَيَّبَ أَسْرَارَ الْقَاصِدِيْنَ بِطِيْبِ ثَنَائِهِ فِيْ الدِّيْنِ وَفَاقَ، وَسَقَى أَرْبَابَ مُعَامَلَاتِهِ مِنْ لَذِيْذِ مُنَاجَتِهِ شَرَابًا عَذْبَ الْمَذَاقِ، فَأَقْبَلُوْا لِطَلَبِ مَرَاضِيْهِ عَلَى أَقْدَامِ السِّبَاقِ. فَسُبْحَانَ مَنْ أَيْقَظَ الْأَبْرَارَ، وَحَثَّ مَطَايَا شَوْقِهِمْ اِلَى دَارِ الْقَرَارِ، وَاسْتَنْهَضَ عَزَائِمَهُمْ اِلىَ الْمُسَارَعَةِ وَالْبِدَارِ
أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً صَفَا مَوْرِدُهَا وَرَاقَ، نَرْجُوْ بِهَا النَّجَاَةَ مِنْ نَارٍ شَدِيْدَةِ الْاِحْرَاقِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَشْرَفُ الْخَلْقِ عَلَى الْاِطْلَاقِ، اَلَّذِيْ أُسْرِيَ بِهِ عَلَى الْبُرَاقِ، حَتَّى جَاوَزَ السَّبْعَ الطِّبَاقِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْبَرَرَةِ السَّبَاقِ، صَلَاةً وَسَلَامًا اِلَى يَوْمِ التَّلَاقِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الرَّحْمَنِ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ الْمَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْانِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah
Alhamdulillahi rabbil alamin, puji syukur dhumateng Allah swt, minangka pambuka anggenipun miwiti khutbah Jumat ing siyang menika, sebab kita sedaya sampun pikantuk kanugrahan ingkang kathah sanget saking Allah swt, malah boten saged kapetang cacahipun. Mila, sampun mesthi syukur dados ukara ingkang kedah asring kita aturaken, minangka wujud panuwun dhumateng Panjenenganipun.
Shalawat lan salam sumangga tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad saw, manungsa sampurna ingkang sampun kasil nglampahi sedaya visi lan misi dakwahipun wonten ing panyebaran ajaran Islam ingkang kebak welas asih.
Mugi kita sedaya dipunaken dados umatipun, lan saged pikantuk syafaatipun, saha saged sesarengan kaliyan panjenenganipun wonten ing swarga ingkang kebak kanikmatan. Amin ya rabbal alamin.
Salajengipun, sampun dados kawajiban tumrap kula minangka khatib, kangge ngajak lan nyeru dhumateng kula piyambak, kulawarga, lan sedaya jamaah, supados tansah ngudi lan ngupadi ningkataken keimanan lan ketakwaan dhumateng Allah swt, inggih menika kanthi nglampahi sedaya kewajiban, nindakaken sedaya amanah lan tanggel jawab, saha nilar sedaya perkawis ingkang dipunlarang wonten ing agama Islam.
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah
Salah satunggaling cara kangge ningkataken keimanan lan ketakwaan dhumateng Allah swt inggih menika kanthi nglampahi sedaya perkawis-perkawis sunnah wonten ing Islam.
Tiang-tiyang ingkang tansah nglampahi amal sunnah, badhe dipuncintani lan dipunsayangi dening Allah swt, lan tiyang ingkang dipuncintani dening Panjenenganipun, badhe gampil kangge nglampahi ibadah-ibadah lan kabecikan-kabecikan. Rasulullah saw wonten ing salah satunggaling haditsipun ngendika:
وَمَا يَزالُ عَبْدِي يَتَقَرَّبُ إِلَيَّ بِالنَّوَافِلِ حَتَّى أُحِبَّهُ فَإِذَا أحْبَبْتُهُ كُنْتُ سَمْعَهُ الَّذِي يَسْمَعُ بِهِ وَبَصَرَهُ الَّذِي يُبْصِرُ بِهِ ويَدَهُ الَّتي يَبْطِشُ بِهَا وَرجْلَهُ الَّتِي يَمْشِي بِهَا وَإنْ سَألَنِي أعْطَيْتُهُ وَلَئِن اسْتَعَاذَنِي لأعِيذَنَّهُ
Artinya: “Ana hambaku sing tansah nyedhak marang Aku kanthi ibadah-ibadah sunnah, mula Aku bakal tresna marang dheweke. Yen Aku wis tresna marang dheweke, mula Aku dadi pangrungune sing digunakake kanggo ngrungokake, penglihatane sing digunakake kanggo ndeleng, tangane sing digunakake kanggo mukul, lan sikile sing digunakake kanggo mlaku. Yen dheweke njaluk marang Aku, mesthi bakal Aku paringi, lan yen dheweke njaluk pangayoman saka Aku, mesthi bakal Aku lindungi.” (HR Bukhari dalam Sunan Baihaqi al-Kubra).
Kanthi mekaten, mila ibadah-ibadah sunnah gadhah peran ingkang sanget wigati tumrap kita sedaya kangge nyedhakaken dhiri dhumateng Allah swt lan nggayuh katresnanipun.
Lan tiyang ingkang sampun pikantuk katresnanipun, mila Allah badhe dados penolong tumrap kita sedaya wonten ing sedaya perkawis. Allah badhe dados pangrungu kita supados boten mireng perkawis-perkawis ingkang dipunharamaken, saengga kita badhe kaindar saking tindak-tanduk ingkang boten dipunsenengi dening Panjenenganipun.
Salah satunggaling ibadah sunnah ingkang sanget dipunanjuraken tumrap kita sedaya, lan sanget trep kaliyan momentum samenika inggih menika nindakaken puasa sunnah Tarwiyah lan Arafah. Puasa Tarwiyah lan Arafah minangka kalih puasa sunnah ingkang dipunlampahi wonten ing wulan Dzulhijah samenika.
Kalih puasa menika sanget dipunanjuraken wonten ing Islam, amargi Rasulullah tansah nindakaken lan gadhah faedah ingkang ageng sanget, inggih menika dipunapunten dosa-dosa dening Allah. Wonten ing salah satunggaling haditsipun, Rasulullah ngendika:
صَوْمُ يَوْمِ التَّرْوِيَةِ كَفَّارَةُ سَنَةٍ وَصَوْمُ يَوْمِ عَرَفَةَ كَفَّارَةُ سَنَتَيْنِ
Artinya: “Puasa dina Tarwiyah bisa ngilangake dosa setaun. Dene puasa dina Arafah bisa ngilangake dosa rong taun.” (HR Ibnu Abbas dan Ibnun Najjar dalam Jam’ul Jawami’).
Ngarujuk penjelasan Syekh Abdurrauf al-Munawi wonten ing kitab Faidul Qadir Syarh Jami’is Shagir, puasa sunnah wonten ing dinten Tarwiyah saged ngilangaken dosa salami setaun. Dene puasa Arafah saged ngilangaken dosa salami kalih taun.
Ingkang dipunmaksud saged ngilangaken dosa salami kalih taun inggih menika setaun ingkang sampun kepengker lan setaun ingkang badhe dumugi. Pendapat menika adhedhasar wonten ing salah satunggaling riwayat, Rasulullah saw ngendika:
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ
Artinya: “Puasa Arafah (9 Dzulhijah) bisa ngilangake dosa setaun kepungkur lan setaun sing bakal teka.” (HR Muslim dalam Shahih Muslim).
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah
Hadits lan penjelasan menika, sakmesthinipun dados motivasi lan panyemangat tumrap kita sedaya, kangge berlomba-lomba wonten ing nglampahi puasa sunnah Tarwiyah lan Arafah. Keranten punapa? Keranten, kalih puasa sunnah menika namung saged dipunlampahi wonten tanggal 8 lan 9 Dzulhijah kemawon, salebetipun boten saged dipunlampahi, saengga anjuran lan faedahipun ugi badhe benten.
Anjuran puasa Tarwiyah lan Arafah wonten ing wulan menika boten sanes amargi kathahipun pahala ingkang badhe dipunparingaken Allah dhumateng tiyang-tiyang ingkang nglampahi ibadah, malah Allah sanget remen nalika wonten hambanipun ingkang nglampahi tindak-tanduk sae wonten ing dinten menika. Perkawis menika kados kasebat wonten ing salah satunggaling riwayat, Rasulullah ngendika:
مَا مِنْ أيَّامٍ العَمَلُ الصَّالِحُ فِيهَا أحَبُّ إِلَى اللهِ مِنْ هذِهِ الأَيَّام، يَعْنِي أَيَّامَ الْعَشْرِ. قَالُوْا: يَا رسولَ اللهِ وَلاَ الجِهَادُ في سَبيلِ اللهِ؟ قَالَ: وَلاَ الجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ فَلَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَيءٍ
Artinya: “Ora ana dina sing amal apik ing njero dina kuwi luwih ditresnani dening Allah tinimbang dina-dina iki, yaiku sepuluh dina pisanan wulan Dzulhijah. Para sahabat banjur takon, ‘Wahai Rasulullah, ora uga jihad ing dalane Allah?’ Nabi mangsuli: ‘Ora uga jihad ing dalane Allah, kejaba wong sing metu kanthi jiwa lan hartane, banjur dheweke ora bali nggawa salah sijine.’” (HR Bukhari dalam Jam’ul Jawami’).
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah
Mekaten khutbah Jumat ngenani anjuran tumrap kita sedaya kangge nindakaken puasa Tarwiyah lan Arafah, wonten tanggal 8 lan 9 Dzulhijah.
Mugi-mugi khutbah menika dados motivasi lan panyemangat tumrap kita sedaya kangge nindakaken ibadah sunnah menika lan kita dipungolongaken dados hambanipun ingkang tansah ngupadi ningkataken ketakwaan lan keimanan. Amin ya rabbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الصَّلَاةِ وَالصَّدَقَةِ وَتِلَاوَةِ الْقُرْاَنِ وَجَمِيْعِ الطَّاعَاتِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.





