Khutbah Idul Adha 2026 PDF: Setiap Kita Adalah Ibrahim, Setiap Ibrahim Punya Ismail (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Khutbah Idul Adha
Ilustrasi Khutbah Idul Adha

KHUTBAH JUMAT I

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَ للهِ اْلحَمْدُ 

الحَمْدُ للهِ الَّذِي أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَجَعَلَ التَّضْحِيَةَ سَبِيلًا لِنَيْلِ رِضَاهُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُهُ .أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه،

Bacaan Lainnya

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسلم وَبَارك عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدَ، وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهمْ بِإحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّينِ، أمَّا بَعْدُ، فَياَ عِباَدَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ. صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمْ

اللهُ أَكْبَرُ ,اللهُ أَكْبَرُ, اللهُ أَكْبَرُ, لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita sedaya tansah ningkataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya larangan-Nipun. Dinten menika inggih punika dinten ingkang agung sanget, dinten ingkang kebak kamulyan, dinten nalika gema takbir kumandang wonten ing sedaya penjuru bumi. Dinten menika boten namung babagan nyembeleh kewan kurban, boten namung babagan daging ingkang dipun bagikaken, nanging babagan pengorbanan manah, babagan ikhlasipun jiwa, lan babagan kesagedan manungsa nyerahaken ingkang paling dipun tresnani keranten Allah SWT.

Ing dinten ingkang mulya menika, kita dipun ajak merenung satunggaling tema ageng wonten ing gesang manungsa, inggih punika “Saben kita punika Ibrahim, saben Ibrahim gadhah Ismail.” Tema menika boten namung ukara ingkang endah, nanging kasunyatan gesang ingkang kita alami saben dinten.

Saben tiyang gadhah ujian kados Nabi Ibrahim AS. Lan saben tiyang gadhah “Ismail” ingkang sanget dipun tresnani. Wonten ingkang Ismailipun arupi bandha, jabatan, usaha, popularitas utawi pamor, pasangan, putra-putri, termasuk ego lan ambisi donya. Pertanyaanipun inggih menika: nalika Allah nyuwun kita ngurbanaken satunggaling perkawis amargi taat, punapa kita sampun siyap kados Ibrahim?

Jamaah Idul Adha ingkang dipun mulyaaken Allah,

Allah SWT ngabadikaken kisah Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail wonten ing Al-Qur’an:

وَقَالَ إِنِّي ذَاهِبٌ إِلَىٰ رَبِّي سَيَهْدِينِ ۝ رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ ۝ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ

“Lan Ibrahim ngomong: ‘Saktemene Ingsun (Ibrahim) lunga sowan marang pengeran ingsun, lan Allah bakal paring pituduh marang ingsun (Ibrahim). Duh pengeran ingsun, paringana ingsun putro ingkang kalebet tiyang saleh.’ Banjur Ingsun menehi kabar bungah marang dheweke kanthi anak lanang sing banget sabar.” (QS. Ash-Shaffat: 99-101)

Sampun pirang-pirang taun Nabi Ibrahim ngerantos rawuhipun satunggaling putra. Nalika yuswa sampun sepuh, Allah pungkasanipun maringi Nabi Ismail. Sanget ageng katresnan Ibrahim dhumateng putranipun. Ibrahim bersyukur sanget. Nanging pas wonten titik menikalah justru nabi Ibrahim dipun uji.

Nalika katresnan dhumateng putra sampun tuwuh lan kiyat sanget, Allah maringi dhawuh dhateng Ibrahim supados nyembeleh putra ingkang paling dipun tresnani.

Allah SWT ngendika:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

“Nalika anak kuwi wis cukup umur kanggo usaha bareng karo dheweke, Ibrahim ngomong: ‘He anakku, saktemene aku weruh ing sajrone turu yen aku nyembeleh sliramu. Mula pikirna kepiye panemumu.’ Dheweke mangsuli: ‘Duh bapakku, panjenengan lampahi punapa ingkang dipun perintahaken dhateng panjenengan. Insya Allah panjenengan bakal kepanggih ingsun (Ismail) kalebet tiyang ingkang sabar.’” (QS. Ash-Shaffat: 102)

Poro jamaah sekalian, cobi kito perhatosaken.

Ibrahim boten dipun uji kaliyan perkawis ingkang boten dipun tresnani. Ingkang dipun uji malah perkawis ingkang paling dipun tresnani.

Mekaten gesangipun manungsa.

Asringipun Allah maringi ujian dhateng kita boten lantaran kekirangan, nanging kanthi perkawis ingkang paling kita tresnani.

Wonten tiyang ingkang sanget tresna dhumateng bandhanipun, ngantos kesupen sedekah. Wonten ingkang sanget tresna dhumateng padamelanipun, ngantos nilaraken shalat. Wonten ingkang sanget tresna jabatan, ngantos purun tumindak zalim. Wonten ingkang sanget tresna donya maya, ngantos kelangan akhlak lan adab. Wonten ugi ingkang sanget ngremenaken putranipun, ngantos nglilani anakipun tuwuh tebih saking agami.

Menika “Ismail-Ismail” wonten ing gesang punika.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Dinten menika kita gesang wonten ing jaman nalika manungsa sami berlomba gadhah sedaya perkawis, nanging kesupen nyerahaken dhirinipun dhumateng Allah.

Kita gesang wonten ing jaman nalika kathah tiyang purun nyambut damel awan dalu amargi donya, nanging abot tindak dhateng masjid.

Kita gesang wonten ing masa nalika para tiyang sepuh remen menawi anakipun sukses kanthi materi, nanging boten peduli punapa anakipun mangertos Al-Qur’an utawi boten.

Kathah tiyang ajrih kecalan arta, nanging boten ajrih kecalan berkah.
Kathah tiyang nangis amargi bisnisipun gagal, nanging boten nangis nalika manahipun tebih saking Allah.

Menika lelara jaman modern: manungsa sanget tresna donya, nanging sekedhik tresna akhirat.

Rasulullah SAW nathe ngendika:

حُبُّ الدُّنْيَا رَأْسُ كُلِّ خَطِيئَةٍ

“Seneng donya kuwi sumber saka kabeh kesalahan.” (HR. Al-Baihaqi)

Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,

Idul Adha paring piwucal dhateng kita bilih iman boten namung ucapan, nanging keberanian ngurbanaken satunggaling perkawis keranten Allah.

Nabi Ibrahim saged dados kekasih Allah boten amargi sugih, boten amargi kiyat, nanging amargi piyambakipun saged nempataken katresnan dhumateng Allah ngungkuli sedaya perkawis.

Dinten menika kita kedah tanglet dhateng diri kita piyambak: punapa Ismail wonten ing gesang kita?

Punapa Ismail menika bandha ingkang ndadosaken kita kesupen syukur? Punapa Ismail menika jabatan ingkang ndadosaken kita sombong? Punapa Ismail menika dosa ingkang awrat kita tinggalaken? Punapa Ismail menika gengsi ingkang ndadosaken kita wegah taubat? Punapa Ismail menika media sosial ingkang ngrebat sedaya wekdal lan perhatian kita?

Kathah tiyang satemenipun mangertos pundi ingkang leres, nanging boten saged nilaraken “Ismail”-ipun.

Wonten ingkang mangertos riba punika haram, nanging taksih dipun lampahi amargi ajrih kecalan bathi.

Wonten ingkang mangertos mbikak aurat punika dosa, nanging taksih dipun lampahi amargi ngarep-arep pujian manungsa.

Wonten ingkang mangertos nilaraken shalat punika kalepatan ageng, nanging taksih remen nundha-nundha amargi kesibukan ngoyak donya.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Nabi Ibrahim maringi tuladha bilih ketaatan mbutuhaken pengorbanan.

Boten wonten kamulyan tanpa pengorbanan. Boten wonten kemenangan tanpa kesabaran. Boten wonten kedekatan kaliyan Allah tanpa perjuangan nglawan hawa nafsu.

Nalika Ibrahim sampun siyap nyembeleh Ismail amargi Allah, malah Allah nggantosipun kanthi sembelihan ingkang langkung sae.

Allah SWT ngendika:

فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ ۝ وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ ۝ قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ۝ إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ ۝ وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ

“Nalika wong loro kuwi wis pasrah lan Ibrahim mbaringake anaké ing ndhuwur pelipisé, Ingsun nimbali dheweke: ‘He Ibrahim, tenan kowe wis mbenerake impen kuwi.’ Saktemene kaya mengkono Ingsun menehi ganjaran marang wong-wong sing tumindak becik. Saktemene iki tenan-temen ujian sing nyata. Lan Ingsun nebus anak kuwi nganggo sembelihan sing gedhe.” (QS. Ash-Shaffat: 103-107)

Pramila sumangga kita tingali kados pundi Allah nggantos pengorbanan Ibrahim kanthi kamulyan. Menika dados piwulang ageng kangge kita sedaya.

Punapa kemawon ingkang kita tinggalaken amargi Allah, boten badhe ndadosaken kita rugi.

Tiyang ingkang nilar maksiat amargi Allah badhe dipun gantosi katentreman.

Tiyang ingkang nilar riba amargi Allah badhe dipun gantosi berkah.

Tiyang ingkang njagi kejujuran amargi Allah badhe dipun gantosi kamulyan.

Tiyang ingkang njagi shalat amargi Allah badhe dipun paringi dalan medal wonten ing gesangipun.

Jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah,

Dinten riyaya kurban ugi mulangaken wigatinipun kepedulian sosial.

Nalika sapérangan tiyang saged nikmati panganan enak saben dinten, wonten sedherek-sedherek kita ingkang mbok bilih namung saged nikmati daging setaun sepisan.

Pramila Islam mulangaken berbagi.

Kurban boten namung ritual, nanging ugi wujud katresnan dhumateng sesami.

Rasulullah SAW ngendika:

مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلًا أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ

“Ora ana amalané anak Adam ing dina kurban sing luwih ditresnani Allah kejaba ngucurake getih kewan kurban.” (HR. Tirmidzi)

Nanging sampun ngantos kita namung nyembeleh kewan, nanging boten nyembeleh sipat awon wonten ing diri kita.

Percuma nyembeleh mendho nanging kesombongan taksih dipun rumat. Percuma nyembeleh sapi nanging taksih nyimpen raos dendam. Percuma berkurban nanging lisan taksih remen nglarani.

Idul Adha kedah dados momentum nyembeleh ego, keserakahan, lan hawa nafsu.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Mugi Idul Adha taun menika saestu saged ngerubah manah kita. Ngerubah kesombongan dados andhap asor. Ngerubah kebakhilan dados kedermawanan. Ngerubah kelalaian dados ketaatan. Ngerubah tresna donya dados tresna akhirat.

Mugi Allah nampi ibadah kurban kita. Mugi Allah ngapunteni dosa-dosa kita. Mugi Allah ndadosaken kulawarga kita dados kulawarga ingkang saleh, saha wilujeng donya akhirat. Amiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ

KHUTBAH II

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ  اللَّهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيرًا، وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا.

أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِييْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهْ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ الاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَ اعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

Ya Allah, ampunilah dosa-dosa kami, dosa kedua orang tua kami, dosa para guru kami, dan dosa seluruh kaum muslimin dan muslimat, baik yang masih hidup maupun yang telah wafat.

Ya Allah, jadikanlah hari raya Idul Adha ini sebagai momentum untuk membersihkan hati kami dari kesombongan, iri hati, dengki, riya, dan cinta dunia yang berlebihan.

Ya Allah, sebagaimana Engkau telah menguatkan hati Nabi Ibrahim dalam menjalankan perintah-Mu, maka kuatkan pula hati kami dalam menjalankan ketaatan kepada-Mu.

Ya Allah, jika dalam hidup ini kami memiliki “Ismail” yang membuat kami jauh dari-Mu, maka bantulah kami untuk lebih mencintai-Mu di atas segala-galanya.

Ya Allah, jadikan anak-anak kami anak-anak yang saleh dan salehah, yang taat kepada-Mu, berbakti kepada orang tua, mencintai Al-Qur’an, dan menjadi penyejuk hati keluarga.

Ya Allah, berkahilah para pekurban yang hari ini mengorbankan sebagian hartanya di jalan-Mu. Terimalah amal ibadah mereka, lapangkan rezekinya, sehatkan tubuhnya, dan jadikan kurbannya sebagai jalan menuju ridha-Mu.

Ya Allah, tolonglah saudara-saudara kami yang sedang tertimpa musibah, yang sedang sakit, yang sedang kesulitan ekonomi, yang kehilangan pekerjaan, yang terlilit hutang, dan yang sedang menghadapi berbagai ujian kehidupan.

Ya Allah, satukan hati kami, kuatkan persaudaraan kami, jauhkan negeri kami dari perpecahan, permusuhan, fitnah, bencana, dan kerusakan moral.

Ya Allah, jadikan negeri kami negeri yang aman, damai, penuh keberkahan, dan dipenuhi pemimpin-pemimpin yang jujur, adil, dan amanah.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP
Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.

Pos terkait