KHUTBAH JUMAT I
الحَمْدُ لِلّٰهِ أَوَّلًا وَالحَمْدُ لِلّٰهِ أَخِرًا وَالحَمْدُ لِلّٰهِ مُسْتَغْرِقُ المَحَامِدِ كُلِّهَا. وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللّٰهِ العَلِيِّ العَظِيْمِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الحَاثِّ عَلٰى طَاعَةِ الكَرِيْمِ الغَفَّارِ، النَّاهِي عَنِ اتِّبَاعِ الهَوَى وَالنَّفْسِ وَالشَّيْطَانِ وَكُلِّ ضَارٍّ. وَعَلٰى آلِهِ السَّادَةِ الأَطْهَارِ وَأَصْحَابِهِ الأَخْيَارِ الأَبْرَارِ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مُوْقِنٍ بِتَوْحِيْدِهِ، مُسْتَجِيْرٍ بِحَسَنِ تَأْيِيْدِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ الْمُصْطَفَى، وَأَمِيْنُهُ الْمُجْتَبَى، وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى كَافَةِ الْوَرَى.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَيْثُمَا كُنْتُمْ، وَأَتْبِعُوا السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقُوا النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: بِسْمِ اللّٰهِ الرّٰحْمَنِ الرّٰحِيْمِ. وَالْعَصْرِۙ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ إِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِࣖ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Allah, Gusti ingkang Mahakuwasa saha Mahauningani sedaya kawontenan para kawulanipun, ing wekdal nandhang kasangsaran utawi nalika pinaringan kalonggaran. Mugi shalawat saha salam tansah katur dhumateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, ingkang sampun maringi tuladha kados pundi tetep ngugemi takwa ing saben tarikan napas gesang.
Ngreksa ketakwaan punika dados satunggaling prekawis ingkang kedah tansah kita ugemi ing saben kawontenan. Mila, ing swasana ingkang kebak berkah menika, khatib ngaturaken wasiat dhateng sedaya jamaah, mliginipun dhateng dhirinipun khatib piyambak, supados tansah nglampahi sedaya dhawuhipun Allah Ta’ala saha nyingkiri sedaya laranganipun.
Allah Ta’ala ngandika:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Tegesipun: “He wong-wong sing padha iman, padha taqwanen marang Allah kanthi taqwa sing saktemene, lan aja nganti kowe mati kejaba ana ing kahanan Islam.” (QS. Ali ‘Imran: 102)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Rumiyin, manungsa dipun uji kanthi winatesipun panganan saha tebihipun jarak. Dene samenika, kita dipun uji kanthi banjiripun informasi, kencenging persaingan, rikatipun owah-owahan, saha aboting pangajeng-ajeng saking kathah pihak. Media sosial saha stasiun televisi asring nedahaken “gesang ingkang sampurna” kagunganipun tiyang sanes, dene kita piyambak taksih berjuang ngadhepi cicilan, target pakaryan, tanggel jawab kulawarga, saha raos was sumelang tumrap mangsa ngajeng ingkang dereng mesthi.
Nanging, satemenipun kawontenan menika sanes prekawis enggal. Sadèrèngipun jaman digital miyos, Allah Ta’ala sampun netepaken sunnahing gesang:
لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنْسَانَ فِيْ كَبَدٍ
Tegesipun: “Temenan, Ingsun wis nitahake manungsa ana ing sajroning kasusah lan rekasa.” (QS. Al-Balad: 4)
Mila, menawi kita ngraos kesel punika satunggaling prakawis ingkang lumrah. Lumrah menawi ikhtiar kados dene saya awrat, rezeki kados saya sempit, saha manah asring kebak kagelisahan. Awit pancen mekaten sipatipun gesang ing donya. Donya punika sanes papan ingkang tanpa cobi, nanging papan kangge mbentuk manungsa supados iman saha kasabaranipun saya kiyat.
Awit saking punika, kita kedah saged ngadhepi saben ujian saha tantangan kanthi manah ingkang lega. Kita kedah yakin bilih wonten ing salebeting saben ujian ingkang dipunparingaken Allah, mesthi wonten margi kalonggaran ingkang sampun dipunsiapaken dening Allah. Allah Ta’ala ngandika:
وَاللّٰهُ يَقْبِضُ وَيَبْصُۣطُۖ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ
Tegesipun: “Allah iku nyempitake lan ngelonggarke. Lan marang Panjenengane kowe kabeh bakal dibalekake.” (QS. Al-Baqarah: 245)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sedaya kawontenan, ingkang awujud kasempitan utawi kalonggaran, satemenipun namung sawetawis wekdal kemawon. Pungkasan saking sedaya lampahing gesang punika inggih badhe wangsul dhateng Allah Ta’ala kangge dipunhisab. Mila, sampun ngantos kita kesupen nalika pinaringan kalonggaran, saha sampun ngantos kita pedhot pangajeng-ajeng nalika nandhang kasempitan.
Imam al-Qusyairi wonten ing kitab ar-Risalah al-Qusyairiyah, kaca 158, ngendikakaken bilih kadhangkala satunggaling kalonggaran rawuh kanthi dumadakan saha nempuh satunggaling tiyang ing kawontenan ingkang boten nate dipunkinten. Panjenenganipun boten mangertos sebabipun, nanging kawontenan punika saged nggegirisi saha ngganggu manahipun.
Mila, margi ingkang paling sae tumrap tiyang ingkang ngraosaken punika inggih menika meneng saha njagi adab. Awit ing wekdal punika wonten bebaya ingkang ageng. Pramila kedah tansah ngati-ati dhateng tipu daya ingkang kasimpen. Panjenenganipun nyalin pangandikanipun para ulama:
قِفْ عَلَى الْبِسَاطِ وَإِيَّاكَ وَالِانْبِسَاطَ
Tegesipun: “Ngadega ana ing ndhuwur hamparan, nanging ati-ati aja nganti kebablasen.”
Panjelasan menika ngélingaken kita supados tansah waspada ing saben kawontenan gesang, nalika kalonggaran utawi kasempitan. Nalika gesangipun longgar, sampun ngantos dados sombong saha kesupen. Nalika gesangipun sempit, sampun ngantos pedhot pangajeng-ajeng saha suudzon dhateng Allah. Kita kedah tansah njagi husnuzan bilih takdiripun Allah Ta’ala punika ingkang paling sae. Para ulama ngendika:
وَلِكُلِّ شَيْءٍ أَجَلٌ
Tegesipun: “Saben-saben perkara iku ana wektune dhewe.”
Mila, kita kedah yakin bilih mangsa angel, mangsa paceklik, mangsa kebak kagelisahan, saha mangsa kebak tekanan boten badhe langgeng salaminipun. Sedaya wonten wates wekdalipun wonten ngarsanipun Allah. Mekaten ugi nikmat, kalonggaran, jabatan, kasarasan, saha mangsa mudha, sedaya ugi namung sawetawis wekdal kemawon.
Kanthi kesadaran menika, manah kita badhe langkung tentrem. Kita boten gampil panik nalika ngadhepi perkawis, saha boten gampil kesupen nalika pikantuk nikmat. Kita badhe langkung fokus nglampahi gesang, ngadhepi tantangan, saha mbecikaken dhiri.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saking andharan ingkang cekak menika, wonten piwulang wigati ingkang kedah kita ugemi, inggih menika sabar, syukur, saha tetep ngupadi kanthi sakmaksimalipun. Leganing manah boten ateges pasrah tanpa ikhtiar. Leganing manah ateges nampi ketentuanipun Allah kanthi manah ingkang resik, sinambi tetep nglampahi usaha ingkang paling sae miturut kabisan kita.
Mangga kita saya ngiyataken keistikamahan wonten ing ibadah dhumateng Allah Ta’ala. Kita kedah yakin bilih kanthi istiqamah, Allah badhe maringi kakiyatan dhateng kita kangge ngadhepi sedaya perkawis ingkang wonten.
Allah Ta’ala ngandika:
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Tegesipun: “Temenan, wong-wong sing ngomong, ‘Gusti Allah iku Pangeran kita,’ banjur tetep istiqamah, mula dheweke ora bakal wedi lan ora bakal susah.” (QS. Al-Ahqaf: 13)
Mekaten khutbah cekak ing siyang menika. Mugi Allah ndadosaken kita sedaya kalebet para kawulanipun ingkang saged sabar nalika dipun uji, tansah bersyukur nalika pinaringan nikmat, saha tetep gadhah manah ingkang lega nalika ngadhepi sedaya perkawis gesang. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ، وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَا خَاصَّةً، وَسَائِرِ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِيْ هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِيْ كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.




