Khutbah Jumat Tentang Maulid Nabi: Detik-Detik Kelahiran Manusia Paling Mulia (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Nabi Muhammad
Ilustrasi Nabi Muhammad

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، وَأَظْهَرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ، وَجَعَلَ مُحَمَّدًا صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى عَلَى نِعَمِهِ الْعَظِيْمَةِ، وَنَشْكُرُهُ عَلَى آلَائِهِ الْجَسِيْمَةِ، وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّيْنِ

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah Swt. kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun. Ketakwaan menika minangka sangu ingkang paling sae kangge sowan dhumateng Allah, awit donya menika namung papan mampir, dene akhirat minangka papan wangsul ingkang sejatosipun.

Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken Allah,

Ing kalodhangan ingkang kebak berkah menika, sumangga kita sekedhap ngengeti satunggaling peristiwa agung wonten ing sejarah umat manungsa: detik-detik lahiripun manungsa ingkang paling mulya, Nabi Muhammad saw.

Panjenenganipun sanes namung manungsa ingkang lahir lajeng dados pemimpin. Panjenenganipun menika manungsa pilihanipun Allah, ingkang mbeta rahmat kangge sedaya alam, dados tuladha tumrap tiyang-tiyang ingkang iman, saha sosok ingkang sanget tresna dhumateng umatipun. Allah Swt. ngendika:

لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِّنْ أَنفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُم بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ

“Satemené wis teka marang kowe kabeh sawijining utusan saka golonganmu dhéwé. Abot tumrap dhèwèké kasangsaran sing kok alami, dhèwèké kepéngin banget marang iman lan kaslametanmu, lan dhèwèké iku welas asih lan maha asih marang wong-wong mukmin.” (QS. At-Taubah: 128)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, coba kita perhatosaken. Allah nggambaraken Rasulullah minangka manungsa ingkang sanget peduli umatipun. Kasangsaranipun umat ndadosaken kanjeng nabi sedhih. Kaslametanipun umat dados kekhawatiranipun kanjeng nabi. Malah ngantos pungkasan gesangipun, ingkang dipunpikiraken sanes bandha, sanes jabatan, sanes namung kulawarga, nanging umatipun.

Wonten ing satunggaling hadis dipunsebataken:

لِكُلِّ نَبِيٍّ دَعْوَةٌ مُسْتَجَابَةٌ، فَتَعَجَّلَ كُلُّ نَبِيٍّ دَعْوَتَهُ، وَإِنِّي اخْتَبَأْتُ دَعْوَتِي شَفَاعَةً لِأُمَّتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ

“Saben nabi nduwé siji donga sing mesthi dikabulaké. Saben nabi wis ndhisikaké dongane, déné aku nyimpen dongaku kanggo dadi syafaat tumrap umatku ing dina kiamat.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Subhanallah! Para jamaah ingkang dipunrahmati Allah,

Coba kita bayangaken. Satunggaling manungsa dipunparingi kesempatan nyuwun punapa kemawon dhumateng Allah lan dongane mesthi dipunkabulaken. Nanging Rasulullah saw. milih nyimpen donga kasebut kangge maringi pitulungan dhumateng umatipun ing dinten kiamat.

Kita ingkang gesang ing jaman samenika saged asring kesupen dhumateng panjenenganipun. Kita langkung apal nama tokoh donya tinimbang sejarah Nabi. Kita langkung asring ndherekaken pagesanganipun tiyang-tiyang kondhang ing media sosial tinimbang maos lampah gesangipun Rasulullah. Kita saged ngentosi jam-jaman ningali layar telepon genggam, nanging kadhangkala namung sawetara menit maos selawat lan sirah Nabi kemawon sampun kraos awrat.

Sanadyan Rasulullah sampun ngendika:

مَنْ صَلَّى عَلَيَّ وَاحِدَةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرًا

“Sapa sing maca selawat marang aku sepisan, Allah bakal maca selawat marang dhèwèké sepuluh kaping.” (HR. Muslim)

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Sumangga kita wangsul malih dhumateng detik-detik lahiripun Rasulullah saw.

Nabi Muhammad saw. lahir wonten ing Kutha Makkah ing taun ingkang dipuntepangi minangka ‘Amul Fil, taun nalika pasukan gajah ingkang dipunpimpin Abrahah badhé ngrusak Ka’bah. Allah nglestantunaken peristiwa kasebut wonten ing Al-Qur’an surat Al-Fil ayat 1–5.

Lahiripun Kanjeng Nabi Menika sanes namung peristiwa sejarah. Nanging lahirpun kanjeng Nabi menika mbeta perubahan ageng sanget tumrap pagesanganipun manungsa.

Kanjeng Nabi lahir wonten ing kahanan yatim. Ramaipun, Abdullah, sampun seda sakderengipun Kanjeng Nabi Lahir. Ibunipun, Aminah, lajeng ngreksa panjenenganipun kanthi kebak katresnan.

Nalika manungsa sanes saged nganggep yatim minangka kalemahan, Allah malah ndadosaken kahanan menika minangka sebagian saking lampah gesangipun manungsa ingkang paling mulya. Allah ngendika:

أَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيمًا فَآوَىٰ ۝ وَوَجَدَكَ ضَالًّا فَهَدَىٰ ۝ وَوَجَدَكَ عَائِلًا فَأَغْنَىٰ

“Siro kan wes ngerti yen ketemu Muhammad dadi bocah yatim, banjur Muhammad dilindhungi. Muhammad dados tiyang bingung, banjur Muhammad diwènèhi pituduh. Lan Muhammad dados tiyang kekurangan, banjur Muhammad diwènèhi kecukupan.” (QS. Ad-Duha: 6–8)

Jamaah ingkang dipunmulyakaken Allah,

Ayat menika maringi piwulang ingkang ageng sanget kangge kita sedaya. Sampun nate rumangsa asor amargi kahanan gesang kita.

Wonten tiyang ingkang lahir saking kulawarga sederhana. Wonten ingkang wiwit alit sampun kelangan tiyang sepuh. Wonten ingkang ngalami serba keterbatasan. Wonten ingkang dinten menika lagi berjuang mbayar utang. Wonten ingkang rumah tangganipun lagi dipunuji. Wonten ingkang nyambut damel kanthi temen, nanging penghasilanipun dereng nyekapi kabutuhan kulawarga.

Sampun ngantos kita rumaos Allah nilar kita.

Rasulullah saw. piyambak nate wonten ing kahanan yatim, gesang kanthi sederhana, ngalami kelangan tiyang-tiyang ingkang dipuntresnani, malah ngadhepi penolakan, panginaan, lan kasangsaran ingkang luar biasa.

Nanging sedaya menika mboten ndadosaken Kanjeng Nabi tebih saking Allah. Kosok wangsulipun, ujian ndadosaken Kanjeng Nabi saya kiyat, saya sabar, saya celak dhumateng Allah, lan saya gadhah kawigatosan dhumateng sesami manungsa.

Mila nalika dinten menika kita ngadhepi kasusahan, sampun kesusu ngendika, “Allah mboten tresna dhumateng kula.”

Saged dados, lumantar kasusahan menika Allah lagi ndhidhik kita. Saged dados, lumantar luh menika Allah lagi ngunggahaken drajat kita. Saged dados, lumantar kasempitan menika Allah lagi mulangaken dhumateng kita tegesipun tawakal. Lan saged dados, sasampunipun kita sabar, Allah mbikak margi ingkang mboten nate kita bayangaken.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mengenang lahiripun Nabi Muhammad saw. Menika sanes namung kangge mengenang satunggaling tanggal. Sanes namung kangge nambahi acara lan lantunan selawat.

Ingkang langkung wigatos inggih menika nguripaken ajaranipun Kanjeng Nabi wonten ing pagesangan kita.

Mila, sumangga kita gesangaken kejujuran Nabi wonten ing padamelan. Kita gesangaken katresnan lan welas asih Kanjeng Nabi wonten ing kulawarga. Kita gesangaken kesabaran Kanjeng Nabi nalika ngadhepi masalah. Kita gesangaken kawigatosan Kanjeng Nabi dhumateng tiyang miskin lan lemah. Kita gesangaken kelembutan Kanjeng Nabi nalika ngendika. Lan kita gesangaken katresnan kanjeng Nabi dhumateng umat wonten ing pagesangan saben dinten.

Mugi nalika ing tembe kita kepanggih wonten ngarsanipun Rasulullah ing dinten kiamat, kita mboten namung tiyang ingkang ngakeni tresna dhumateng Kajeng Nabi kanthi lisan, nanging saestu kalebet umat ingkang ndherekaken ajaranipun Kajeng Nabi Muhammad SAW.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

KHUTBAH II

  اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ

أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ  

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP
Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.

Pos terkait