Teks Khutbah Jumat Ramadhan Minggu ke-1 Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa

Khutbah Jumat Ramadhan 2022 Minggu ke-1
Khutbah Jumat Ramadhan 2022 Minggu ke-1

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

   الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْاٰنَ  أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْاٰنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ (البقرة: ١٨٣)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Takwallah inggih meniko sak sae-saene bekal supados kito bahagia wonten ing dunyo lan akhirot. Keranten meniko, khotib miwiti khutbah Jum’at meniko kanthi wasiat Takwa.

Monggo, kito sami ningkataken takwa dumateng Allah SWT kelawan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Saat meniko kito wonten ing sak lebetipun wulan ingkang kebak barokah, wulan ingkang mulyo sanget inggih meniko wulan suci Ramadhan. Wonten ing sak lebetipun wulan Ramadhan kito diwajibaken poso sak wulan muput.

Lan perlu dipun mangertosi bilih ibadah poso meniko gadahi keistimewaan ingkang mboten enten dateng ibadah-ibadah lintunipun. Kados ingkang dipun dawuhaken kalian Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam.

   كُلُّ عَمَلِ ابْنِ اٰدَمَ يُضَاعَفُ، الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعمِائَة ضِعْفٍ، قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: إِلَّا الصَّوْمَ، فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ، يَدَعُ شَهْوَتَهُ وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِي (رَوَاهُ مُسْلِمٌ)

Artosipun: “Saben amal becik anak adam bakal ditikelaken ganjarane. Siji kebecikan dibales sepuluh tikel sampek pitungatus (700) tikel. Allah ta’ala dawuh wonten ing hadist qudsi: ‘Kecuali poso, mergo sak temene poso iku gonku lan aku langsung sing bakal bales, wong sing poso ninggalkno syahwat lan dahar kerono aku.” (HR Muslim)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait