Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa PDF: Introspeksi Diri di Hari Yang Fitri

Gambar Ilustrasi Idul Fitri
Gambar Ilustrasi Idul Fitri

(أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ).اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ هُوَ اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ وَ للهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا

Bacaan Lainnya

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ  نِعْمَ الْوَكِيل وَنِعْمَ الْمَوْلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَ مَنْ يُنْكرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا

وَ صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا وَ حَبِيْبِنَا الْمُصْطَفَى، نِبِيِّ الْهُدَى، الَّذِيْ لاَ يَنْطِقُ عَنْ الْهَوَى، إِنْ هُوَ إِلاَّ وَحْيٌ يُوْحَى، وَ عَلَى اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدقِ وَ الْوَفَا، وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الْجَزَا

 أَمَّا بَعْدُ. فَيَآأَيُّهَاالمُؤْمِنُوْنَ وَالمُؤْمِناَتِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Alhamdulillah, sedaya puji kagem allah panguwaos alam semesta.Piyambakipun ingkang Maha gagah-perkasa. Piyambakipun ingkang maha kuwaos. kekuwaosanipun mboten dipun tandingi dening sinten kemawon. Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dumateng junjungan kito sedoyo, Rasulullah Muhammad Al-mushthofa. manungsa paling mulia, ingkang mbeto Rahmat kagem sedoyo.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Monggo sami syukur dumateng Allah keranten sampun paring kito umur dowo sehinggo saget kepanggih wulan ingkang mulyo. Mungkin wonten sanak kadang lan tonggo kiwo tengen mboten sempat manggihi wulan Ramadhan.

Saben dinten kito ngeraos bungah naliko buko. Mboten kok keranten angsal dahar lan nginum. Ananging kito langkung bungah keranten dipun paringi kekiatan saget ngelampahi perintahipun Allah SWT.

Puncak bebungah meniko saget kito raosaken dinten niki. Ugi mboten keranten kito bebas dahar lan nginum. Ananging kito bungah lantaran Allah SWT sampun paring kito kekiatan ngelaksanaaken Shiyam wonten ing waktu awan lan Qiyam wonten ing waktu dalu.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Wonten dinten kemenangan meniko patut kito renungaken, patut kito angen-angen. Menopo Allah nampi amal ibadah kito? Poro ulama ajrih sanget bilih amalipun selami ramadhan mboten dipun tampi. Keranten meniko selami enem sasi sak mantunipun Ramadhan tansah ndungo Rabbana taqabbal minna sholatana wa shiyamana wa qiyamana wa ruku’ana wa sujudana wa takhasysyu’ana wa tadharru’ana wa ta’abbudana wa tammim taqshirana Yaa Allah Yaa arhamarrahimin.

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait