Artosipun: Lan sholato ingdalem pucuk lorone rahino (subuh duhur ashar) lan bagian awale wengi (maghrib, isya’). Saktemene tindak lampah sae iku ngilangno tindak lampah awon (duso). Meniko pepiling kanggo wong kang iling (Hud, 114)
Hadirin ingkang minulyo
Kedah kito mangertosi bilih kito sampun mlebet akhir wulan Romadhon, kesaenan kedah dipun tingkataken, kranten semangat nguripi lan njungkung ibadah ngantos wekdal akhir Ramadhan meniko saget kecatet tiyang ingkang diapuro sedoyo keluputane. Setunggale hadits:
عن أبي هريرة رضي الله عنه أن رسول الله صلى الله عليه سلم قال: مَن قام رمضان إيمانًا واحتسابًا، غُفِر له ما تقدَّم من ذنبه (متفق عليه)
Artosipun: Saking Abi Hurairah, bilih Rasulullah dawuh, sopo wonge njungkung ibadah ingdalem wulan Ramadhan kerono iman (percoyo) lan golek ganjaran, mongko Gusti Allah bakal ngapuro duso sing wes keliwat (muttafaq alaih)
Ananging nopo mungkin ibadah poso kito saget ditampi Gusti Allah, menawi taseh remen rasan-rasan (ghibah), dengki (hasud) dumateng tiyang lintu?, Nopo mungkin ibadah poso kito dipun tampi Gusti Allah, menawi manah lan pikiran kito tasih supe, lali kaliyan Gusti Allah? Nopo malih bade riyoyo pasti pikiran kito dipun kebaki jajanan, kelambi lan sakpitunggalane.
Pramilo wonten wekdal ingkang kebak kesaenan meniko, mongo pados ganjaran sakkatah-katahipun lan nebihi perkawis ingkang ngregeti manah lan pikiran. Kranten saking wulan Romadhon menikolah kito saget ndidik, nggembleng, mbiasaake lelampahan sae supados ing lebetipun wulan lintu saget istiqomah ngelampahi kesaenan.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..