Wonten ing akhir Ramadhan, Kanjeng Nabi semangat, cancut taliwondo ningkataken ibadah, kanti nguripi wengine lan nggugah garwo-garwone.
عَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا قَالَتْ: كانَ النبيُّ صَلَّى اللهُ عليه وسلَّمَ إذَا دَخَلَ العَشْرُ شَدَّ مِئْزَرَهُ، وأَحْيَا لَيْلَهُ، وأَيْقَظَ أهْلَهُ. (رواه الشيخان)
Artosipun: Saking Aisyah, piyambake ngendiko, Kanjeng Nabi nalikane sampun melebet sepuluh akhir wulan Ramadhan, nyancang sarunge, nguripi wengine lan nggugah garwo-garwone
Saking tindak lampah sae meniko, Kanjeng Nabi saget nilarake kesaenan dumateng garwo-garwone, keluargane ngantos umate, kados lelampahan nguripi akhri Ramadhan kelawan i’tikaf dipun terusake kaliyan garwo-garwone sak sampune Kanjeng Nabi kapundut.
عَنْ عَائِشَةَ رضي الله عنها قَالَتْ: كَانَ رَسُولُ اللَّهِ ﷺ يَعْتَكِفُ الْعَشْرَ الْأَوَاخِرَ مِنْ رَمَضَانَ حَتَّى تَوَفَّاهُ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ. ثُمَّ اعْتَكَفَ أَزْوَاجُهُ مِنْ بَعْدِهِ (رواه الشيخان)
Artosipun: Saking Aisyah, piyambake ngendiko, Rasulullah i’tikaf wonten sepuluh akhir wulan Ramadhan sehingga kapundut (sedo), lajeng garwo-garwone nerusaken i’tikaf ingkang dados tindak lampahipun Kanjeng Nabi.
Wonten hadits lintu, Kanjeng Nabi dawuh:
مَنِ اعْتَكَفَ مَعِي فَلْيَعْتَكِفَ الْعَشْرَ الْأَوَاخِرَ
Artosipun: Sopo wonge pingin i’tikaf bareng ingsun, mongko becik ngelakoni I’tikaf ing sepuluh akhir Ramadhan (HR Ibnu Hibban)
Akhiripun, monggo kito pungkasi wulan ingkang minulyo meniko kanti ngatahaken kesaenan kados i’tikaf, tadarus quran, tasbih, tahmid, istighfar dumateng Gusti Allah.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..