Khutbah Jumat Singkat 5 Menit PDF Jawa: Empat Pertanggungjawaban Di Hari Kiamat

khutbah jumat 5 menit PDF
ilustrasi akhirat

Ilmu agomo ingkang hukumipun Fadlu ‘ain inggih meniko kados ilmu akidah, hukum sesuci, shalat, poso, zakat, maksiat anggota badan lan sak piturutipun. Wonten salah setunggal hadist dipun riwayataken:

وَيْلٌ لِمَنْ لَا يَعْلَمُ، وَوَيْلٌ لِمَنْ عَلِمَ ثُمَّ لَا يَعْمَلُ

Bacaan Lainnya

Wailul liman laya’lamu, Wawailul liman ‘alima tsumma laa ya’mal.

Temen bakal ciloko wong-wong sing gak belajar (ilmu agomo fardlu ‘ain), lan temen bakal ciloko wong kang melajari tapi gak diamalne.” (HR Abu Nuaim dalam Hilyatul Auliya)

KAPING PAPAT; Kito bakal ditangleti tentang bondo, saking pundi kito angsal lan kagem menopo mawon bondo dunyo kito. Urusan bondo meniko menungso dibagi telung golongan, loro golongan bakal ciloko lan siji golongan bakal selamet.

Loro golongan ingkang bakal ciloko wonten dinten kiamat inggih meniko tiang-tiang ingkang numpuk bondo kelawan coro haram, lan tiang-tiang ingkang numpuk bondo kelawan coro halal tapi didamel kangge perkawis ingkang haram.

Lajeng gelongan ingkang selamet inggih meniko golongan tiang-tiang ingkang numpuk bondo kelawan coro halal lan kangge perkawis ingkang halal. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh:

نِعْمَ الْمَالُ الصَّالِحُ لِلرَّجُلِ الصَّالِحِ

Nikmal malusholihu lirrajulishalihi.

Sak apik-apik e bondo yoiku bondone wong sholeh,” (HR Ahmad dalam al-Musnad)

Sampun jelas , keranten tiang sholeh bakal pados bondo kelawan coro halal lan belanjaaken kagem perkawis ingkang dihalalaken kalian Allah SWT.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait