Khutbah Jumat PDF NU Terkini Singkat Tentang Belajar Dari Doa Nabi Nuh AS (B. Jawa)

Ilustrasi Kapal Nabi Nuh AS
Ilustrasi Kapal Nabi Nuh AS

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَأُلًوهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أن محمدًا عبدُه ورسولُه اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ

 أما بعد فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى فَقَالَ اللهُ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَ رَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Bacaan Lainnya

Sidang jum’ah rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan jumat ingkang mulia punika, sumangga kita senantiasa usaha nginggahaken keimanan lan takwa dhateng Allah SWT. Perlu dipunmangertosi, bilih namung kliyan iman lan takwa kita saged wilujeng ing donya ngantos ing akhirat mangke.

Sidang jum’ah rahimakumullah,

Lebet setunggaling hadits ingkang diriwayatkan Bukhari lan Muslim dipunsebataken bilih benjing ing dinten kiamat, kathah tiyang berbondong-bondong manggihi Nabi Adam kangge nyuwun pertolongan nanging piyambakipun sedaya gagal. Lajeng tiyang-tiyang menika manggihi nabi Nuh ‘alaihis salâm nyuwun dipundongakaken supados angsal syafa’at saking Allah.

Margi ing dinten punika kawontenan ing padang makhsyar mencekam sanget, cuaca panas sanget. Manungsa sami mandeng lan madosi sinten ingkang saged dipun-andelaken kangge nyuwun syafa’at ipun Allah SWT. Lajeng tiyang-menika matur dhateng Nabi Nuh ‘alaihis salâm:

 يَا نُوحُ أَنْتَ أَوَّلُ الرُّسُلِ إِلَى أَهْلِ الأَرْضِ ، وَسَمَّاكَ اللَّهُ عَبْدًا شَكُورًا ، فَاشْفَعْ لَنَا إِلَى رَبِّكَ عَزَّ وَجَلَّ ، أَلا تَرَى إِلَى مَا نَحْنُ فِيهِ ؟ أَلا تَرَى إِلَى مَا قَدْ بَلَغَنَا ؟

“Wahai Nabi Nuh! Jenengan inggih punika Rasul pertama ingkang dipun-utus dhateng penduduk bumi, lan Allah sampun dadosaken jenengan hamba ingkang bersyukur. Punapa jenengan saged nyuwunaken syafa’at kangge kita dhateng Allah? Punapa jenengan niangali kawontenan ingkang ndhawahi kita?”

Nabi Nuh ‘alaihis salâm mangsuli:

 إِنَّ رَبِّي قَدْ غَضِبَ الْيَوْمَ غَضَبًا لَمْ يَغْضَبْ قَبْلَهُ مِثْلَهُ وَلَنْ يَغْضَبَ بَعْدَهُ مِثْلَهُ وَإِنَّهُ قَدْ كَانَتْ لِي دَعْوَةٌ دَعَوْتُ بِهَا عَلَى قَوْمِي نَفْسِي نَفْسِي اذْهَبُوا إِلَى إِبْرَاهِيمَ

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait