Khutbah Jumat PDF NU Terkini Singkat Tentang Belajar Dari Doa Nabi Nuh AS (B. Jawa)

Ilustrasi Kapal Nabi Nuh AS
Ilustrasi Kapal Nabi Nuh AS

بَلْ أَرْجُو أَنْ يُخْرِجَ اللَّهُ مِنْ أَصْلاَبِهِمْ مَنْ يَعْبُدُ اللَّهَ وَحْدَهُ، لاَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا

Bahkan aku ngarep-arep Allah ngetokake saka balung sulbi dheweke kabeh keturunan kang arep nyembah Allah, ora disekutukan karo apa wae”

Bacaan Lainnya

Sidang jumah rahimakumullah,

Bilih kita bandingaken donga Nabi Nuh kaliyan donga Nabi Muhammad SAW kasebat, mila samboten-mbotenipun wonten kalih perbedaan ingkang jelas:

Pertama, Nabi Nuh kados sampun putus asa ing ndalem berdakwah dhateng umatipun amargi katah tiyang ingkang nolak lan mboten purun beriman dhateng Allah SWT. Umatipun Nabi Nuh malah nganggep Nabi Nuh tiyang edan.

Kelawan penolakan kados punika, Nabi Nuh kados mboten malih nggadhahi kesabaran lan pangajeng-ajeng menawi kaum lan putra wayahiupun suatu saat bakal iman dhateng Allah SWT.

Hal menika, mboten kados Nabi Muhammad SAW ingkang tetep nggadhahi kesabaran lan pangajeng-ajeng menawi setunggaling dinten putra wayahipun tiyang-tiyang thaif purun iman lan tumut jejakipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kaping kalih, donga Nabi Nuh ingkang nyuwn dhateng Allah SWT kangge membinasakan umatipun supados lenyap saking bumi punika, saleresipun donga negative/awon. Donga kados punika benten sanget kaliyan donganipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Piyambakipun justru nyuwun dhateng Allah SWT supados tiyang-tiyang Thaif ingkang nentang piyambakipun tetep dipunsukani hak gesang lan dipunsukani keturunan. Nabi Muhammad SAW nyuwun dhateng Allah mangke ing titi wancinipun putra wayahipun tiyang-tiyang Thaifpurun iman lan numuti jejakipun.

Sidang jumah rahimakumullah

Kita mangertosi bilih Allah ingkang ngabulaken sedoyo dunga, namun doa negative utawi dunga awon ternyata bermasalah wonten ngarsanipun Allah SWT. Manungsa kedah mertanggungjawabaken sedaya dunga sae maupun awon.

Nabi Nuh ndonga nyuwun supados umatipun binasa saking bumi punika amargi mungkin srengen sanget lan putus asa. Allah estu ngabulaken donga punika sanadyan setuhunipun Allah mboten remen.

Lan ingkang nyedhihaken sanget inggih punika putranipun piyambak ingkang naminipun Kan’an lan garwanipun ingkang paring asma Wali’ah pejah akibat donga punika dalam keadaan mboten iman dhateng Allah. Selain punika, Nabi Nuh mboten dipunizini maringi syafa’at dhateng tiyang sanes.

Sidang jumah rahimakumullah,

Sinau saking donga Nabi Nuh, kita perlu latihan kados pundi nahan dhiri kangge mboten ndonga ingkang awon. Sak nesu-nesune kita dhateng tiyang sanes, kita kedah paring pangapunten lan sampun ngantos ndongakaken ingkang awon-awon.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait