Ketika Hatimu Keras dan Membatu, Materi Khutbah Jum’at Singkat (B. Jawa)

Ilustrasi Hati Membatu
Ilustrasi Hati Membatu

Cara sanesipun inggih punika sering-sering ziarah kubur, tamtu kaliyan niat ingkang leres. Rasulallah SAW dawuh, “Aku pernah ngelarang siro kabeh ziarah kubur. Saiki ziaroho siro kabeh. Sebab saktemene ziarah iso ngelemesne ati, netesno eluh, lan ngelengake akhirat”. (HR Al-Hakim).

Ziarah kubur kelawan tujuan ngemut-emut akherat inggih punika ingkang dipunanjuraken. Lantaran ngemut-emut kematian, kita badhe sadar menawi mboten wonten ingkang patut kangge kita sombongkan.

Bacaan Lainnya

Dhaharan paling sae kita inggih punika madu diproduksi saking lebah. Klambi paling sae inggih punika sutera ingkang diproduksi dening uler. Hiasan terindah inggih punika Mutiara ingkang diproduksi dening kerang.

Kesombongan macem punapa ingkang patut kita bingahaken wonten ngarsanipun Allah, Dzat ingkang ndamel tawon lebah, uler lan kerang punika.

Hadirin sidang jumah rokhimakumullah

Selain merhatikaken yatim lan ziarah kubur, Rasulallah SAW wantos-wantos kangge kebat-kebat (segera) nglampahaken saben kesaenan, hindari kemalasan.

Bahkan, piyambakipun Kanjeng Nbai SAW dawuh, “Sak apik-apik e shalat yoiku awal waktu.” Kanjeng Nabi SAW lajeng mucalaken kita supados Ndonga, “Ya Allah, Aku berlindung dhateng penjenengan daking kelemahan lan raos males.”

Setunggalipun pepatah berkata: Pemalas selalu menanti hari mujur. Padahal, bagi seorang yang rajin, tiap hari adalah hari mujur!

Hadirin sidang jumah rokhimakumulla

Lajeng, bilih kita tetep rumaos kathah kekajengan manah ingkang dereng terpenuhi, berbaik sangkalah dhateng Allah SWT. Mbokmenawi, wonten hak-hak tiyang sanes ingkang dereng kita lampahaken.

Saged ugi, wonten dhaharan mboten halal ingkang kita konsumsi ing ndalem keseharian. Sinaua kangge beristighfar amargi azab terberat ing donya inggih punika nalika Allah sampun mengunci ilat kita kangge berdzikir lan beristigfar.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait