Khutbah Jumat Tahun Baru Hijriyah Terbaru: Evaluasi Diri Menggapai Ridho Ilahi (B. Jawa)

Ilustrasi Selamat Tahun Baru Hijriyah
Ilustrasi Selamat Tahun Baru Hijriyah

Ayat punika nggih ditutup kelawan peringatan supados bertaqwa wangsul dhateng Allah, amargi piyambakipun sumerep sedaya ingkang dipun-lampahi hamba-hamba-ipun, baik ingkang ketingal utawi ingkang mboten ketingal, ingkang lahir utawi ingkang batin, mboten wonten ingkang luput saking kawruhipun Allah.

Pramila, dados insan ingkang bertaqwa, sumangga kita senantiasa sumerep masa rumiyin kita ing warsa hijriyah ………. kala-wingi lan ngitung, punapa langkung kathah kesaenan ingkang sampun kita lampahaken dipunbanding kalih keawonan?

Bacaan Lainnya

Utawi malah sa-wangsulipun, kathah hal-hal ingkang awon kita lampahaken mila kesaenan kita ketutup dening keawonan?

Introspeksi punika dados modal kita kangge mersiapaken wekdal ngajeng supados hal-hal ingkang awon mboten kedados malih. Sehinga warsa ………. hijriyah punika saged langkung sae tinimbang warsa ingkang kala-wingi.

Maasyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

Nabi Muhammad SAW ngemutaken dhateng kita sami supados terus nglampahaken perubahan-perubahan tumuju kesaenan sehingga dados tiyang-tiyang ingkang begja.

Sampun ngantos kita dados tiyang ingkang rugi punapa malih ngantos dados golongan tiyang celaka lantaran mboten dandosi masa ngajeng dhateng arah ingkang langkung sae:

 مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ

Artosipun: “Barang sapa dina iki luwih apik saka dina wingi, dheweke kagolong wong kang untung, barang sapa kang dina iki padha karo dina wingi dheweke kagolong wong kang rugi lan barang sapa kang dina iki luwih ala saka dina wingi dheweke kagolong wong kang cilaka.” (HR. Al Hakim).

Maasyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

Punika lah wekdalipun kita ngamalaken pesen Khalifah Umar bin Khatthab:

 حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا

Artosipun: Ngitungo ing awak siro kabeh sadurunge siro diitung,”

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait