Khutbah Jumat Akhir Bulan Dzulqa’dah: Bersiap Menyambut Idul Adha (B. Jawa)

gambar ilustrasi bulan dzulqadah
gambar ilustrasi bulan dzulqadah

Sepindah, siyam arafah inggih punika siyam sunnah ingkang dipunlampahaken ing tanggal 09 Dzulhijjah tahun hijriyah kangge umat muslim ingkang mboten nglampahaken ibadah kaji ing makkah.

Cara nglampahaken siyam arafah sami kados siyam sunnah sanesipun. Saking Abu Qotadah, piyambakipun dawuh bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

Bacaan Lainnya

 صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ

“Pasa arofah (9 Dzulhijjah) iso nggusep (menghapus) dosa setahun kapungkur lan setahun mengarep. Pasa asyuro (10 Muharrahm) bakal nggusep (menghapus) dosa satahun kapungkur.” (HR. Muslim No. 1162)

Amalan ingkang kaping kalih inggih punika berqurban. Dinten Idul Adha utawi sering kita wastani dinten riyadin qurban, amargi ing tanggal 10 Dzulhijjah kasebat, umat Islam usaha nyisihaken sebagian bandanipun kangge tumbas kewan korban.

Nabi Muhammad SAW ing ndalem hadits ugi sampun ngemutaken umatipun bab perintah berkurban.

 عَنْ َأبِي هُرَيْرَة: َأنَّ رَسُوْل اللهِ صلى الله عليه وسلم قال : مَنْ كَانَ لهُ سَعَة وَلمْ يَضَحْ فَلا يَقْربَنَّ مُصَلَّانَا (رواه احمد وابن ماجه)

Artosipun: Saking abu Hurairah, Rasulullah Saw sampun dawuh, barangsapa kang nduweni kemampuan, nanging dheweke ora berkurban mula dheweke aja nyedhaki (nekani) panggonan shalat kita. (HR Ahmad lan Ibnu Majah).

Ing ndalem hadits lintunipun ugi dipunjelasaken:

 يَا يُّهَاالنَّاسُ اِنَّ عَلى كُل أهْلِ بَيْتٍ في كلِّ عَامٍ أُضْحِيَّة

Artosipun: “Hai manungsa, sabenere saben-saben ahli omah ing saben-saben tahun disunatkan berkurban,” (HR Abu Dawud).

Kurban inggih punika perintah Allah dhateng hamba-ipun. Syariat kurban dipunsebataken Allah SWT lebeting Al Qur’an serat al-kautsar ayat 2.

 فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ -٢

Artosipun: “Mula leksanakno shalat amarga pengeranmu, lan berkurbanlah (sebagai ngibadah lan nyedhakake dhiri marang Allah).

Artosipun kurban menggahipun Islam

Dinten riyadin kurban dipunsebat kaliyan dinten Idul Adhaa (عيد الأضحى), yaum al-Adhaa (يوم الأضحى) utawi yaum al-Nahr (يوم النحر), dene kewan ingkang disembelih lebeting dinten riyadin punika dipunsebat Udhhiyah (أضحية).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait