Khutbah Jumat Dzulhijjah Terbaru: Mencontoh Nabi Ibrahim dalam Mendidik Anak (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi penyembelihan Nabi Ismail As
Gambar Ilustrasi penyembelihan Nabi Ismail As

Kala lare umur pitung tahun, kito ugi wajib merintah shalat lan mucalaken hukum-hukum terkait sholat, kados wudlu, adus wajib, rukun shalat, bab-bab ingkang mbatalaken shalat lan sanesipun.

Kito ugi wajib mucalaken dasar-dasar hukum ingkang nyata (goroh meniko haram sanadyan guyonan, nyolong, zina, judi, minum-minuman keras meniko haram, lan sapiturutipun).

Bacaan Lainnya

Kaum muslimin rahimakumullah

Ing ndalem mucal putra-putri kito kedah merhatosaken kalih prinsip:

Prinsip ingkang sepindah inggih meniko ngulinaaken

Anak dipunkulinaaken kangge shalat, berjama’ah ing masjid utawi mushalla. Dinten jum’at lare dipun-ajak dhateng masjid. Lare dipunkulinaaken maos al qur’an ing griya. Lare sampun dipunkulinaaken gesang mewah, amargi bakal mbebayani sanget. Bilih lare wiwit alit dipunkulinaaken gesang mewah mila kala ageng, ingkang bakal piyambakipun godak kados pundi kedah gesang mewah napa mawon caranipun.

Lare dipunkulinaaken waos al qur’an, waos tahlil amargi menawi mboten saking alit kito kulintenaken, kito bakal kelangan piyambakipun. Kala kito betah, kala kito sampun ing kubur menopo ingkang kito betahaken? Istighfar saking lare-lare kito, waosan al qur’an saking putro kito, kintunan amal shalih saking putro kito.

Menawi wiwit alit lare kito dipunkulinaaken saben dalu ningali TV, tilem ing ngajeng TV, kados meniko melek ing ngajeng TV. Menopo ingkang badhe piyambakipun lampahaken kala kito pejah?

Piyambakipun sedaya bakal ningali TV, dolanan game, dolanan HP, piyambakipun mboten bakal waos al Qur’an kangge kito, piyambakipun mboten bakal istighfar kangge kito.

Kaum muslimin rahimakumullah

Prinsip ingkang kaping kalih inggih meniko Pengawasan

Pengawasan meniko perlu sanget, menopo malih pergaulan sameniko rawan sanget lan mbebayakaken. Menawi mboten diawasi sumerep-sumerep lare kito ditangkap polisi (amargi dados teroris utawi konsumsi narkoba).

Menawi mboten diawasi sumerep-sumerep lare kito mboten sepaham kaliyan kito, pungkasanipun nebihi saking kito lan malah memusuhi kito.

BACA HALAMAN SELANJUTNYA..

Pos terkait