يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ
“Duh ngger anakku, sejatine ing impen rama didawuhi nyembelih sliramu, mula banjur priye munggah panemu ira?” (QS.Ash Shaffat : 102)
Lajeng Nabi Ismail kanti tatag perwaca matur dateng sang rama:
يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
“Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar”.
Nalika Nabi Ibrahim midanget aturipun ingkang putra rumaos sanget, bilih panyuwunipun dipun ijabahi dening Allah, nalika panjenenganipun rinten dalu tansah ndedunga kanti aturipun:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ
“Duh Gusti, mugi paduka maringana dateng kula lare ingkang shalih“ (Ash Shaffat 100).
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Kok umpami Nabi Ismail mboten lare ingkang shalih, tentu suwala lan aturipun:
“Lho Rama menika dos pundi, menapa mboten klentu, mestinipun ingkang langkung pantes dipun sembelih kangge korban menika rak Rama, ingkang sampul poel”.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..