Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru PDF: Meraih Keberuntungan Dunia dan Akhirat

Khutbah Jumat Selama Bulan Ramadhan 2022
Pelaksanaan Shalat Jumat

Kito sedoyo sampun semerap bilih mantun sholat sering dipun anjuraken maos dungo Sapu Jagat, nggih meniko:

رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Bacaan Lainnya

Artosipun: Duh Gusti, kulo nyuwun dumateng Panjenengan kebegjan ingdalem dunyo lan akhirat, lan kulo nyuwun dipun tebihaken saking sikso neroko. (Al-Baqarah, 201)

Keranten dungo meniko dungo ingkang sering dipun waos Kanjeng Nabi. Setunggale hadis nyebataken:

عَنْ عَبْدِ الْعَزِيزِ وَهُوَ ابْنُ صُهَيْبٍ قَالَ سَأَلَ قَتَادَةُ أَنَسًا أَيُّ دَعْوَةٍ كَانَ يَدْعُو بِهَا النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَكْثَرَ قَالَ كَانَ أَكْثَرُ دَعْوَةٍ يَدْعُو بِهَا يَقُولُ اللَّهُمَّ آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Artosipun: Ibn Suhaib ceriyos bilih Qatadah tanglet dateng Anas, pundi dungo ingkang sering dipun waos Kanjeng Nabi, piyambake (Anas) jawab, Kanjeng Nabi maos dungo Allahumma atina fid dunya hasanah wa fil akhiroti hasanah wa qina adzabannar (HR. Muslim).

Saking keterangan hadis meniko sampun jelas nggayuh kabegjan ugi kesaenan wonten dunyo lan akherat niku penting sanget, luwih-luwih kesaenan niku lumeber ngantos putro wayah kito sedoyo. Ugi sampun dijelasaken sinten kimawon nindaaken amal kesaenan bakal dipun wales kelawan ganjaran ingkang ageng kaliyan Gusti Allah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait