Materi Khutbah Jumat 7 Menit File PDF: Cara Cerdas Menyikapi Musibah (B. Jawa)

ilustrasi musibah
ilustrasi musibah

Ing hakikatipun saben manungso mesthi badhe tansah angsal kebahagiaan lan kabegjan lebeting gesangipun. Nanging mboten saged kito tolak menawi roda gesang mesthi muter.

Kadhang kito ngalami susah lan kadhang ugi kito dipunparingi kebahagiaan dening Allah Swt. Kito kedah rumaosi menawi mboten sedoyo ingkang kito kajengi saged kawujud, kadhang kito dipunparingi ujian lan coban dening Allah Swt. Rupinipun gagal lan rugi.

Bacaan Lainnya

Nanging, ampun ngantos gagal, rugi lan utawi musibah nopo mawon ndamel kito mboten purun ngibadah dhateng Allah Swt. Lan ngelerwaake sedoyo perintah-ipun. Sampun ngantos kito mlebet golongan tiyang ingkang dipunsebat Allah Swt. lebeting al-qur’an:

 وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَعْبُدُ اللهَ عَلَى حَرْفٍ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انْقَلَبَ عَلَى وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ ذَلِكَ هُوَ الخسْرَانُ الْمُبِينُ.

“Lan ing watara manungsa ana wong kang manembah Allah Swt karo mung ana ing pinggir (ora kebak karo keyakinan). menawa dheweke ngolehake kebagusan dheweke ngrasa marem lan menawa dheweke oleh siji cobaan mula dheweke mbalik menyang guri (bali ing kekafiran). rugilah dheweke ing donya lan ing akhirat. Kang mangkono iku yaiku kerugian kang nyoto.” (Q.S. Al-Hajj: 11)

Hadirin jamaah jemuwah rahimakumullah,

Saben kesisahan ingkang kito angsal mesthi lah wonten cara kangge ngowahi/ngerubah dados gampil lan saben ujian utawi persoalan ingkang kito ajengi mesthi wonten cara kangge mecahaken lan ngrampungaken. Kados firman Allah Swt lebet al-qur’an:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait