Khutbah Jumat Singkat Padat Jelas PDF: Menjaga dan Merawat Jagad Dari Kerusakan (B. Jawa)

ilustrasi menjaga bumi
Ilustrasi Menjaga Bumi

Ayat meniko negesaken bilih umat Islam menawi ngersaaken saget dipun trisnani Gusti Allah kedah ngawiti kaliyan manut lan trisno marang Kanjeng Nabi Muhammad kanti nderek pituduh lan nebihi cecegahanipun.

Maasyiral Muslimin RahimakumulLah

Kedah kito pahami sedoyo nikmat ingkang sampun dipun paringake Gusti Allah dumateng kito sedoyo niku wonten pertanggungjawabane kados pundi kito saget njagi lan ngeramut nikmat. Amargi katah ingkang mboten merhatosaken babakan niki. Gusti Allah dawuh:

وَقَلِيلٌ مِنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ

Artosipun: Lan kedik saking kawulo ingsun akeh syukure  (Al-Saba:13)

Sampun katah sanget tiyang ingkang dipun paringi nikmat saget ningali, melampah, ambekan, ananging supe kaliyan syukur soho njagi nikmat kasebat. Semanten ugi nikmat arupi alam ingkang asri, gemah ripah loh jinawi tentrem raharjo.

Sayange nikmat kasebat mboten estu dipun jogo, akhire rusak kranten teledor lan serakahe howo nafsune menungso piyambak-piyambak. Gusti Allah dawuh:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait