Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Terbaru PDF 2021: Jangan Bicara Tanpa Ilmu

Ilustrasi Ilmu
Ilustrasi Ilmu

Pramilo saking meniko, gusti Alloh sampun ngemutaken lan wanti-wanti supados mboten nyampeaken perkawis ingkang mboten dipun mangertosi. Gusti Alloh nglarang kito nyampeaken perkawis tanpo dasar ilmu. Gusti Alloh dawuh:

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِۦ عِلْمٌ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “ lan siro ojo ngucapaken perkoro tanpo dasar ilmu” (QS al- Isra’: 36)

Ing antawisipun sikap amanah ingdalem njogo ilmu inggih meniko mboten isin lan gengsi ngucapaken “aku ora ngerti/kulo mboten ngertos” nalikanipun piyambakipun dipun tangleti perkawis agami ingkang dereng dipun mangertosi.

Nopo ingkang sampun katindaaken deneng Imam Malik bin Anas saged dados tulodo kagem kito sedoyo. Sawijining wekdal panjenenganipun dipun sowani setunggalipun tiyang kanti mbeto daftar pertanyaan ingkang katahipun wonten 48. Imam Malik naming njawab 6, selajeng ngendiko” kulo mboten ngertos”. Wonten riwayat lintu panjenenganipun njawab 16 pertanyaan sisanipun dipun jawab” kulo mboten ngertos” kanti tanpo isin lan gengsi.

Imam Malik meniko pendiri madzhab Maliki, guru saking Imam Syafi`I rodhiyallohu anhuma. Dipun juluki Imamu daril hijrah (Pucuk pimpinanipun ulama kuto Medinah). Panjenenganipun mboten namung berhasil nyetak poro ulama agung kados dene Imam Syafi`I, kejawi saking meniko saking Madrasahipun lahir wali-wali Agung kados dene Dzun Nn al Mishri, Tsauban bin Ibrahim, ingkang salah setunggal saking wejanganipun dados panutan ulama ahlussunnah wal jamaah ngantos sak meniko:

مَهْماَ تَصَوَّرْتَ بِباَ لِكَ فاَللّٰهُ لَا يُشْبِهُ ذَ لِكَ

“opo wae kang kumrentek ingdalem atimu, mongko gusti Alloh ora podo karo perkoro iku”

Menawi ulama ingkang tingkatanipun kados dene Imam Malik mawon mboten isin lan mboten gengsi ngendikaaken “kulo mboten ngertos” lajeng kengeng menopo kito kedah rumahos kelangan kaperwiran kadamel ngucapaken “kulo mboten ngertos” ingdalem babakan agami ingkang dereng dipun mangertosi.

Sok tahu, utaminipun ingdalem babakan ilmu agami, namung maringi keuntungan sesa-at, ingkang sejatosipun mboten wonten manfaatipun babar pindah, sami ugi ingdalem dunyo utawi akherat. Sok tahu, utawi bahkan ngaku-ngaku mangertosi padahal piyambakipun mboten mangertosi meniko bade nuwuhaken kerugian kagem badanipun piyambak lan tiyang lintu.

Tiyang jawab pitaken babakan agami kanti tanpo dasar ilmu bade dipun tebehaken saking rohmatipun gusti Alloh, dipun laknat poro malaikat langit lan bumi, ugi dumawah wonten doso ageng. Kanjeng nabi dawuh:

مَنْ أَفْتَى بِغَيْرِ عِلْمٍ لَعَنَـتْهُ مَلَائِكَةُ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ (رَوَاهُ ابْنُ عَسَاكِرَ)

Artosipun: sing sopo wonge berfatwa (bicoro babakan agami) tanpo dasar ilmu mongko bakal dipun laknat deneng malaikat langit lan bumi (HR Ibnu ‘Asakir).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sampun ngantos kito meniko isin lan gengsi dateng sesami makhluk, ananging kito mboten isin dateng gusti Alloh. Mestinipun kito langkung wirang dateng gusti Alloh tinimbang dateng makhluk. Raos isin lan gengsi dateng sesami makhluk mboten bade mbeto kemanfaatan ingdalem akherat. Anggepan saking makhluk bilih kito meniko alim katah ilmunipun meniko mboten saged ndadosaken jembaripun rizki lan menunda ajal. Kosok wangsulipun, temurunipun kaperwiran menggahipun makhluk kranten kito ngucapaken “mboten ngertos” ingdalem babakan agami meniko mboten ngurangi rizki kito ugi mboten saged nyepetaken ajal titimongsonipun pati.

Gusti Alloh ingkang sampun paring rizki dateng kito, rizki kito sampun dipun jatah deneng Alloh ta’ala ingkang moho murah paring rizki. Rizki kito mboten bade bertambah utawi berkurang sebab menopo kemawon. Ajal kito ugi mboten saged dipun cepetaken utawi dipun sranteaken, sebab menopo kemawon lan deneng sinten kemawon. Sebab sedoyo meniko sampun kaserat wonten lauhul mahfudz.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Pos terkait