Khutbah Jumat NU Online PDF: Syafaat Bagi Orang Yang Membaca Al Qur’an (B. Jawa)

Khutbah Jumat Selama Bulan Ramadhan 2022
Pelaksanaan Shalat Jumat

Maos Al-Quran niku kalebet ibadah paling mulyo antawisipun ibadah lintune, kados ingkang dipun riwayataken Nu‘man ibn Basyir:

قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَفْضَلُ عِبَادَةِ أُمَّتِي قِرَاءَةُ الْقُرْآنِ

Bacaan Lainnya

Artosipun: sak apik-apike ibadahe umat ingsun yoiku maos Al-Quran (HR. Al-Baihaqi).

Dawuh meniko negesaken bilih maos Al-Quran niku setunggale ibadah ingkang paling mulyo, amergi katah amal ibadah lan amal kesaenan dipun sebataken wonten Al-Quran, kados wajibe shalat, dungo tasbih lan waosane tiyang ingkang shalat niku mundut saking Al-Quran, tegese kedah maos Al-Quran arupi surat Al-Fatihah. Menawi mboten maos Al-Fatihah, shalate batal.

Lajeng wonten setunggal hadis ingkang dipun riwayataken Abdullah bin Mas’ud:

قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا، لَا أَقُولُ ألم حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ 

Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge maos setunggal huruf saking Al-Quran, mongko bakal pikantuk setunggal kesaenan, lan setunggal kesaenan niki dipun tikelaken kelawan sedoso kesaeanan ingkang madani. Tegese ingsun ora maos Alif Lam Mim setunggal huruf, ananging alif niku setunggal huruf, lam setunggal huruf, mim setunggal huruf (HR. Tirmidzi)

Sayyid Bakri bin Muhammad Syatha Ad-Dimyathi wonten kitab Kifayatul Atqiya wa Minhajul Ashfiya mertelaaken kautamaane maos Al-Qur’an. Piyambake dawuh:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait