Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru PDF: Bekerja Keras Bagian Dari Ibadah

ilustrasi bekerja keras
ilustrasi bekerja keras

Kedah kito mangertosi ajaran Islam niku ngajak kito sregep nyambut gawe supados dados tiyang mandiri lan mulio, amergi mboten mbebani tiyang lintu.

Nopo maleh nyambut gawe niku kecatet dados ibadah kranten sampun ngelaksanaaken perintahe Gusti Allah. Gusti Allah dawuh wonten surat Al-Jumuah ayat 10:

فَإِذَا قُضِيَتِ ٱلصَّلَوٰةُ فَٱنتَشِرُوا۟ فِى ٱلْأَرْضِ وَٱبْتَغُوا۟ مِن فَضْلِ ٱللَّهِ وَٱذْكُرُوا۟ ٱللَّهَ كَثِيرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

Artosipun: Nalikane shalat wis dirampungake, mongko gumelaro siro kabeh ing bumi lan nyupriho kanugrahane Gusti Allah, lan ilingo marang Gusti Allah sak akeh-akehe, supoyo siro kabeh begjo.

Setunggale hadis dipun dawuhaken:

إِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُؤْمِنَ الْمُحْتَرِفَ

Artosipun: Saktemene Gusti Allah trisno marang wong mukmin ingkang sregep nyambut gawe (HR. Imam Tabrani)

Dalil-dalil meniko paring pepiling dumateng kito sedoyo bilih tiyang ingkang sregep nyambut gawe niku kecatet tiyang ingkang dipun trisnane Gusti Allah. Nopo maleh tiyang niku nggih sregep sholat lan dzikir marang Gusti Allah. Ganjarane bakal pikantuk dobel-dobel.

Jamaah Jumat Ingkang Minulyo

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait