Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat Jelas PDF: Banyak Cara Bersedekah

ilustrasi bersedekah
ilustrasi bersedekah

 تَعْدِلُ بَيْنَ اثْنَيْنِ صَدَقَةٌ، وَتُعِيْنُ الرَّجُلَ فِي دَابَّتِهِ فَتَحْمِلُه عَلَيْهَا أَوْ تَرْفَعُ لَهُ عَلَيْهَا مَتَاعَهُ صَدَقَةٌ، وَالْكَلِمَةُ الطَّيِّبَةُ صَدَقَةٌ، وَبِكُلِّ خُطْوَةٍ تَمْشِيْهَا إِلَى الصَّلاةِ صَدَقَةٌ، وَتُمِيْطُ الأَذَى عَنِ الطَّرِيْقِ صَدَقَةٌ

Artosipun: “Sira ngrukunaké wong loro kang lagi cecongkrahan iku kalebu sedhekah, Sira awéh pambiyantu marang sawijiné pawongan tumrap kewan tunggangané, banjur sira nulungi supaya bisa munggah ana kewan tunggangané utawa ngunggahaké barang-barangé ana ing kewan tunggangané, iku kalebu sedhekah. Pangucap kang becik iku uga sedhekah. Saben jangkahmu kang tumuju papan kanggo nindakaké shalat (masjid), iku kalebu sedhekah. Lan sira nyingkrihaké gangguan kang ana ing dalan, iku uga kalebu sedhekah.” (HR Bukhari Muslim)

Bacaan Lainnya

Lan ugi tasih kathah cara sanesipun kangge kita saget angsal kautamaan saking sedekah menika. Tegesipun, menawi kita mboten gadah artha, mangka kita saget ngedalaken sedekah tenaga, pikiran, lan ilmu. Perkawis menika nate ugi dipun tangletake saking para sahabat dhateng Kanjeng Nabi.

Para sahabat tanglet, menawi wonten tiyang ingkang sugih bandha sami pikantuk ganjaran ingkang kathah, piyambakipun nindakaken shalat saha siyam kadosdéné sahabat ugi nindakaken, ananging salintunipun niku, piyambakipun ugi pikantuk ganjaran sedekah saking bandhanipun ingkang kathah. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh:

 أَوَلَيْسَ قَدْجَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ مَاتَصَدَّقُوْنَ, إِنّ َبِكُلِّ تَسْبِيْحَةٍ صَدَقَةً, وَكُلِّ تَكْبِيْرَةٍ صَدَقَةً, وَكُلِّ تَحْمِيْدَةٍ صَدَقَةً, وَكُلَّ تَهْلِيْلَةٍ صَدَقَةً, وَأَمْرٌ بِالْمَعْرُوْفِ صَدَقَةً, وَنَهْيٌ عَنِ الْمُنْكَرِ صَدَقَةً, وَفِيْ بُضْعِ أَحَدِكُمْ صَدَقَةً

Artosipun: “Apa sira ora mangerténi menawa Allah uga wis maringake marang sira sawijiné perkara kang bisa sira sedekahaké? Satemené ana ing saben saben tasbiih (pangucap subhanallah) iku mujudaké sedekah. Saben takbir (pangucap Allaahu akbar) iku mujudaké sedekah. Saben tahmid (pangucap alhamdulillah) iku mujudaké sedekah. Saben tahlil (pangucap laa ilaaha illallaah) iku mujudaké sedekah. Ajak ajak marang kabecikan iku mujudaké sedhekah.” (HR Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait